Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Pangeduming Winih Pantun Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan petani ing Desa Jungkare, Karanganom, Klaten, Jawa Tengah, lila dhesuk-dhesukan ing aula kantor desa kangge mendhet winih pantun lelahanan, bantuwan saking anggota Komisi VI DPR RI. Miturut para petani, bantuwan winih pantun saged ngentheng-enthengi sesanggan wragad ing mangsa tanem samangke. Anggota Komisi VI DPR RI Endang Srikarti Handayani mratelakaken, sengaja suka... {...}

Continue Reading →

Pagelaran Sendratari Ramayana Dhateng Bantaran Lepen

Sleman, www.jogjatv.tv – Pagelaran Sendratari Ramayana padatan dipun gelar dhateng panggung kanthi latar candi nanging Komunitas Seniman Prambanan nggelar Sendratari Ramayana dhateng Bantaran Lepen Opak kanthi lampahan ingkang sami pramila katingal langkung  gesang. Mboten namung dhateng panggung kemawon, dhateng sanjawining panggung kadosta dhateng bantaran lepen ugi saged kangge nggelar kridha pramila mboten wonten watesan salebeting... {...}

Continue Reading →

Mangsa Tanem Majeng, Winih Pantun Winates

Bantul, www.jogjatv.tv – Anomali cuaca ingkang njalari kathahipun jawah ing Kabupaten Bantul, njalari mangsa tanem pantun majeng.  Tundhanipun kabetahan winih pantun tikel, kamangka pasudiyanipun winates. Sinaosa makaten, Balai Benih Pertanian Barongan nanggel pasudiyan winih pantun ing mangsa tanem samangke cekap. Kepala Unit Pelaksana Teknis , Balai Benih Pertanian (UPT BBP) Barongan , Budi Santosa mratelakaken,... {...}

Continue Reading →

Lomba Macapat Siswa Lan Guru

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka kupiya kangge nepangaken lan memetri kagunan  seni budaya jawi, mliginipun seni macapat, Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul, dinten Senen (24/10) siyang nggelar lomba macapat kangge siswa lan guru. Wakil saking 17  kecamatan saKabupaten Bantul, tumut mupu lomba. Mbaka setunggal pamupu lomba macapat nedahaken kasagetanipun nyekar macapat dhateng sangajeng dewan juri. Sinaosa... {...}

Continue Reading →

Karyawan Kemenag Dzikiran

Sleman, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Santri Nasional taun 2016, karyawan Kantor Kementrian Agama (kemenag) Sleman, dinten Senen (24/10) enjing ,dzikiran sarta dedonga sesarengan. Sadanguning setengah jam , karyawan Kantor Kemenag Kabupaten Sleman, ingkang ngrasuk Agama Islam dzikiran  dene karyawan pangrasuk agama sanes, dedonga  sesarengan dhateng papan ingkang sampun kapiji.  Miturut Kepala Kantor Kementrian Agama Kabupaten... {...}

Continue Reading →

Seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta nggelar seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten tataran DIY taun 2016, malem Rebo (18/10). Panitia Seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta, Eni Lestari Rahayu mratelakaken, Seleksi Seni Pertunjukan tataran DIY inggih agenda taunan, seleksi taun samangke mendhet irah-irahan Tradisi Tedak Siten dipun estreni  5... {...}

Continue Reading →

Pmtas Wigati Tumrap Lare

Bantul, www.jogjatv.tv – Sadangunipun tigang dinten , Tim Evaluasi Program Makanan Tambahan Bagi Anak Sekolah (PMTAS) Kabupaten Bantul rawuh dhateng enem sekolah terbaik salebeting nyawisaken PMTAS tumrap siswa. Sekolah wau dipun  evaluasi magepokan keragaman menu lan kandutan gizinipun. Ketua Tim Penggerak PKK Kabupaten Bantul, ingkang ugi Bunda PAUD Bantul,Erna Kusuma Suharsono njurung kupiyanipun sekolah ingkang... {...}

Continue Reading →

Pengetan Hari Kesehatan Jiwa

Solo, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Kesehatan Jiwa Sedunia taun 2016 , Rumah Sakit Jiwa Daerah (RSJD) dr. Arif Zainudin Surakarta nggelar Pentas Ekspresi Dan Kreasi Rehabilitasi. Puluhan pasien RSJD dr Arif Zainudin Surakarta, tumut pentas ekspresi ing Aula Indraprasta RSJD Kota Surakarta. Pentas ingkang dipun gelar antawisipun Tari Cuci Tangan, nyanyi, njoget lan karawitan.... {...}

Continue Reading →

Pasudiyan Winates, Regi Lombok Mindhak

Solo, www.jogjatv.tv – Sawetawis dinten pungkasan regi lombok ing peken tradisional tlatah Solo mindhak.  Sedaya jinis lombok prasasat mindhak  sekawan ewu ngantos puluhan ewu rupiyah saben kilo. Sawetawis dinten pungkasan regi maneka jinis lombok ing Peken Legi Solo Jawa Tengah, mindhak. Lombok abrit ageng ingkang sakawit reginipun Rp.42 ewu mindhak dados Rp 46 ewu saben... {...}

Continue Reading →

Pambangunan TMMD Ing Prambanan Langkung Saking Pangangkah

Sleman, www.jogjatv.tv – Lampahing pambagunan program TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD) Sengkuyung kaping 97 taun 2016 ing Desa Wukirharjo, Kecamatan,Prambanan,Sleman paripurna. Kodim 0732 Sleman, dinten Rebo enjing nindakaken upacara penutupan lampahing program TMMD sengkuyung kaping 97 taun 2016,ing Pelataran Balai Desa Wukirharjo kanthi  inspektur upacara, Komandan Kodim 0732 Sleman, Letkol Joko Sujarwo. TMMD Sengkuyung ing... {...}

Continue Reading →

Page 10 of 98