Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Kelompok Ternak Lembu Mukti Andini Samekta Ngingah Lembu Brahman

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngindakaken  populasi lembu ing Klaten sarta amrih kasembadan mujudi  swasembada daging  ing Indonesia , Kelompok Tani Ternak Lembu Mukti Andini Satu, Desa Cucukan Kecamatan Prambanan Klaten nyamektakaken kandang mligi kangge ngingah lembu Brahman saking Australia. Kades Cucukan, Heru Pramana mratelakaken, Kelompok Tani Ternak Lembu Mukti Andini Satu, samangke sampun damel kandang... {...}

Continue Reading →

TNI Lan Petani Reresik Lepen Kapiler

Klaten, www.jogjatv.tv – Puluhan warganing TNI lan petani  ingkang manunggal salebeting Forum Komunikasi Pengguna Air Di Kapiler (FK Padika), nedheng reresik ilenan Lepen Kapiler ing Desa Karanglo, Kecamatan Polanharjo, Klaten. Kanthi ngginakaken alat berat, warganing TNI lan  para petani gotong royong reresik ilenan lepen. Giat bersih saluran air dipun grengsengaken  wiwit saking sumber toya ngantos... {...}

Continue Reading →

Rombongan Kirab Jihad NU dumugi Klaten 

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge mahargya Hari Santri Nasional, wiwit tanggal 13 Oktober, 80 santri NU, ngadani kirab bidhal saking Banyuwangi, tumuju Jakarta. Ing dinten kaping 5, rombongan kirab dumugi Klaten, Jawa Tengah. Malem Selasa (17/10), rombongan Kirab Resolusi Jihad NU , cacah 80 santri, pinarak dhateng Pondok Pesantren Al Muttaqien Pancasila Sakti.  Rombongan dipun tampi... {...}

Continue Reading →

Pigunanipun Kulit Jeram

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Jeram inggih jinis uwoh-wohan ingkang dipun remeni dening masyarakat.  Jeram ngandhut gizi  ingkang kathah inggih punika vitamin c ingkang piguna tumrap badan. Ewa semanten menapa panjenengan mangertos menawi kulit jeram ugi piguna tumrap kasarasan, kangge pengharum ruangan punapa dene kecantikan. Kulit jeram piguna kangge ngusadani maneka sesakit, antawisipun  gangguan pencernaan, padaran  mules... {...}

Continue Reading →

Lomba Masak Aneka Makanan Bahan Lokal

Sleman, www.jogjatv.tv – Balai Penyuluhan Pertanian Perikanan dan kehutanan (BP3K) Kecamatan Ngemplak dinten Selasa (18/10) siyang nggelar pameran produk pertanian sarta lomba masak makanan bahan lokal ing kantor BP3K Kecamatan Ngemplak. Ancasing lomba kangge ndhudhah kreatifitas masyarakat ngocal maneka asil pertanian sarta kangge biwarakaken asil pertanian Warga Kecamatan Ngemplak. Salebeting pameran hasil produk pertanian ingkang... {...}

Continue Reading →

Disbudpora Nggelar Festival Dhalang

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge ngangkat dhalang lokal, Pemkab Purworejo lumantar Disbudpora, nggelar Festival Dhalang. Lampahing festival dipun kepyakaken dening Bupati Purworejo, Agus Bastian, dinten Senen (17/10) siyang mapan ing Gedung Kesenian Sarwo Edie Wibowo.  Festival dhalang ingkang saweg sepisanan dipun gelar dening pemkab lumantar Disbudpora Purworejo punika dipun estreni dening dhalang lokal Purworejo.... {...}

Continue Reading →

Cuaca Mboten Kantenan, Petani Sata Kapitunan

Klaten, www.jogjatv.tv – Cuaca awon sawetawis wulan pungkasan, njalari para petani sata ing Klaten, Jawa Tengah was sumelang . Bab wau awit kathahing jawah njalari taneman sata alum lan pejah, tundhanipun petani nandhang kapitunan ngantos yutan rupiyah. Sinaosa dereng wancinipun panen, saperangan taneman sata ing  Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten, Jawa Tengah dipun bedholi dening... {...}

Continue Reading →

Anggrek Vanda Tricolor Saya Langka

Sleman, www.jogjatv.tv – Anggrek vanda tricolor inggih salah satunggaling jinis tetuwuhan mirunggan Pereng Redi Merapi ingkang samangke saya langka. Awit saking punika, Miturut pengelola Taman Anggrek Titi Orchids, Desa Harjo Binangun, Kecamatan Pakem, Sleman, Sri Suprih Lestari, anggrek vanda tricolor langkung unggul tinimbang jinis anggrek sanesipun. Warninipun endah, gatranipun mirunggan dene gandanipun arum pramila reginipun... {...}

Continue Reading →

Wiranem Kirang Tanggap Tandha Alam

Yogyakarta, www.jogjatv.tv — Supados langkung tanggap dhateng tandha-tandha alam lan tradisi peringatan dini atusan mahasiswa jurusan psikologi tumut salebeting Kuliah Umum Psikologi Komunitas. Kridha punika kanthi narasumber Niniek L Karim satunggaling ahli psikologi. Saderengipun wonten sistem peringatan dini bencana kados samangke, warga masyarakat kawuri tansah tanggap dhateng tandha-tandha alam menawi badhe tumempuh satunggaling musibah alam.... {...}

Continue Reading →

Pagelaran Ringgit Kancil “Rebut Banyu Tanpa Isi”

Sleman, www.jogjatv.tv – Saya susutipun mutu sumber toya ing Kitha Ngayogyakarta nuwuhaken raos prihatos saking maneka pehak. Salah satunggalipun inggih saking Puskat Yogyakarta. Kangge mbiwarakaken dhateng masyarakat bab pigunanipun ngreksa wewengkon, taun samangke Puskat nggelar pagelaran ringgit kancil kanthi lampahan Tanpa Rebut Banyu Isi ingkang magepokan kaliyan lestarining wewengkon, mapan dhateng Balai Budaya Sinduharjo,Ngaglik, Sleman.... {...}

Continue Reading →

Page 11 of 98