Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Festival Budaya Menoreh

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinas Kebudayaan Kabupaten Kulonprogo, nggelar Festival Budaya Menoreh, sesirah Mangesti Aruming Bumi Menoreh. Ancasipun kangge ngregengakenpengetan ambal warsa Kabupaten Kulonprogo ingkang kaping 65.  Festival dipun sengkuyung  20 kabupaten/kota  sa DIY lan wewengkon tapel wates. Festival Budaya Menoreh dipun gelar ing Plataran Rumah Dinas Bupati Kulonprogo. Festival dipun sengkuyung dening 20 kabupaten kota... {...}

Continue Reading →

Coblosan Ketua RT

Sleman, www.jogjatv.tv – Pengisian jabatan ketua RT punapa dene ketua RW ing Sleman limrahipun dipun temtokaken nanging pilihan ketua RT ing Padukuhan Jowah, Desa Sidoluhur, Kecamatan Godean, Sleman, dinten Minggu (16/10) siyang dipun tindakaken kanthi cara coblosan. Salebeting  pilihan pimpinan andhap piyambak ing tataran padukuhan punika, sedaya warga ingkang sampun nggadhahi  hak pilih, dipun sukani... {...}

Continue Reading →

Bersih Desa Wonosari Trucuk Klaten

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Padhukuhan Ketandhan, Desa Wonosari, Kecamatan Trucuk Kabupaten Klaten nggelar bersih desa, ngiras ugi kangge mahargya tumapaking Warsa Enggal Jawa. Kepala Desa Wonosari, Mulyanto, mratelakaken, sampun dados lampah adat ing desa punika, saben Wulan Sura warga ngadani upacara bersih desa, ngiras ugi Suran mahargya tumapaking Warsa Enggal Jawa dene ing taun samangke,... {...}

Continue Reading →

Pemilih Pemula Prayogi Mboten Golput

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Amrih tingkat partisipasi pemilih salebeting Pilwali Kota Yogyakarta taun 2017 kathah, Pemerintah Kota Yogyakarta ngadani sosialiasasi pemilihan walikota dan wakil walikota tumrap pelajar. Sosialisasi Pilwali Kota Yogyakarta dipun tindakaken ing sasela-selaning kridha Giat Napza tumrap  pelajar ing Pendhapi  Balaikota Yogyakarta. Salebeting sosialisasi ingkang dipun estreni dening 100 siswa SMA-SMK punika suka gambaran... {...}

Continue Reading →

Pangalembana Geopark Gunungsewu Saking Unesco

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Geopark Gunungsewu lan 8 geopark sanes saking saindhenging donya nampi pangalembana saking UNESCO. Tandha pangalembana wau kaajab njurung pangrembakaning geopark ing Indonesia. Kawontenan geografis Kabupaten Gunungkidul ingkang wujud pareden lan seganten mboten saged dipun kiwakaken. Buktinipun  Geopark Gunungsewu nampi tandha pangalembana saking UNESCO. Saking 120 geopark ing donya, Geopark Gunungsewu pikantuk urutan nomer... {...}

Continue Reading →

Pagelaran Sendratari Arahiwang

Purworejo, www.jogjatv.tv –Altar Arahiwang ing Desa Boro Wetan, Kecamatan Banyuurip, Purworejo badhe dipun mulyakaken dening Pemkab Purworejo. Altar arahiwang inggih papan pasujarahan pinanggihipun kajeng arahiwang cikal bakal hadeging Kabupaten Purworejo. Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa Kabupaten Purworejo Jawa Tengah ingkang kaping 1.115 taun, dinten Rebo (5/10) sonten, dipun adani pagelaran Sendratari Arahiwang mapan dhateng Altar... {...}

Continue Reading →

Pagelaran Ringgit Dening 3 Dhalang

Purworejo, www.jogjatv.tv –Rerangken pengetan ambal warsa kabupaten purworejo ingkang kaping 1.115 taun, dipun regengaken pagelaran ringgit purwa dening  tigang dhalang Purworejo. Pagelaran kasebat ugi dipun regengaken dhagelan saking Ngayogyakarta, Yati Pesek, Marwoto lan Ciblek. Pemkab Purworejo, Jawa Tengah, malem Kemis (5/10) ngadani pagelaran ringgit, kababar dening tigang dhalang, inggih  Ki Sunarpo saking Grabag, Ki Andreas... {...}

Continue Reading →

Jawah deres, taneman pantun kembengan toya 

Klaten, www.jogjatv.tv –Jawah deres ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, sawetawis dinten pungkasan njalari puluhan hektar taneman pantun gadhahanipun kadang tani ing Desa Gondangsari, Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa Tengah kembengan toya Taneman pantun ingkang umuripun dereng wonten sewulan punika keblabak bena. Sanak kadang tani mboten saged tumindak kathah awit  ilenan toya sampun mbludag, pramila namung nyrantos... {...}

Continue Reading →

Merti Dhusun Nogosari Regeng

Bantul, www.jogjatv.tv –Minangka pratelan raos syukur dhumateng Gusti ingkang hakarya jagat, ngiras kangge memetri kagunan budaya adiluhung, Warga Dhusun Nogosari, Selopamioro, Imogiri, Bantul, nggelar upacara merti dhusun. Maneka kridha dipun gelar sadanguning seminggu dene pucaking upacara dipun regengaken kirab budaya lan kendhurenan ing Sendhang Sari Mulyo. Pitung gunungan dipun arak dening atusan Warga Dhusun Nogosari,... {...}

Continue Reading →

Sulam Alis

Sleman, www.jogjatv.tv –Saben wanita mesthinipun kepengin tansah katingal sulistya. Kejawi model rikma, gatra wujuding alis inggih salah satunggal perangan ingkang saged nambah kasulistyaning wanita. Awit saking punika samangke bisnis sulam alis saya mratah. Jaman samangke kathah wanita ingkang milih teknik sulam supados gatra wujuding alis lan lathinipun saya endah. Teknik sulam kawawas inggih cara ingkang... {...}

Continue Reading →

Page 12 of 98