Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Ringgit Dening 3 Dhalang

Pagelaran Ringgit Dening 3 Dhalang

Purworejo, www.jogjatv.tv –Rerangken pengetan ambal warsa kabupaten purworejo ingkang kaping 1.115 taun, dipun regengaken pagelaran ringgit purwa dening  tigang dhalang Purworejo. Pagelaran kasebat ugi dipun regengaken dhagelan saking Ngayogyakarta, Yati Pesek, Marwoto lan Ciblek.

Pemkab Purworejo, Jawa Tengah, malem Kemis (5/10) ngadani pagelaran ringgit, kababar dening tigang dhalang, inggih  Ki Sunarpo saking Grabag, Ki Andreas Novianto saking Wirun lan dhalang putri Dwi Puspitaningrum, kanthi lampahan Aswotomo Nglandak. Pagelaran ringgit dipun rawuhi dening Bupati Purworejo, Agus Bastian, wakil bupati sarta mantan bupati Kelik Sumrahadi, FKPD, SKPD sarta bebadan ingkang kawogan lan masyarakat. Wonten ing pambagyanipun bupati mratelakaken ancasipun ngadani pagelaran ringgit salebeting pengetan ambal warsa Kabupaten Puworejo samangke kangge nglipur masyarakat sarta kangge memetri kagunan budaya  adiluhung. Wonten ing kalodhangan kasebat mantan bupati Kelik Sumrahadi kepareng nembang lagu campursari ingkang tetela damel kesengsemipun pamirsa. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.