Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Peken Rajakaya Imogiri Boten Kaperbawan Isu Antraks

Peken Rajakaya Imogiri Boten Kaperbawan Isu Antraks

Bantul, www.jogjatv.tv – Mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulon Progo lan Sleman, pranyata boten mangaribawani dhateng lampah dagang rajakaya ing Peken Legi, Imogiri, Bantul. Lampah dagang ing peken rajakaya punika tetep limrah kados padatan, kepara regi rajakaya saya mindhak awis.

Dinten Kemis (26/1) siyang,lampah dagang ing peken punika katingal lumampah limrah kados padatan. Regengipun pawartos ing media massa ingkang nyebataken dumados kasus antrakd ing Kabupaten Kulon Progo lan Sleman, mboten mangaribawani lampah dagang ing peken rajakaya punika.

Turadi, petugas Peken Rajakaya Imogiri mratelakaken, kawontenan peken rajakaya limrah kados padatan. Kepara regi rajakaya saya mindhak awis. Isu antraks boten mangaribawani lampah dagang ing Peken Legi punika, awit racakipun rajakaya ingkang dipun sade inggih asal saking Gunung Kidul lan Bantul.

Kangge ngawekani bab-bab ingkang mboten dipun pikajengi, Dinas Pertanian, Pangan, Kelautan dan Perikanan, mbenum kalih dokter hewan ingkang tansah sumadya ing Peken Imogiri saben pekenan peken rajakaya kasebat. Kanthi makaten sedaya titikan sesakit rajakaya saged tumuli dipun mangertosi lan tumuli dipun tangani kanthi satrepipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.