Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Taksih Awis

Regi Lombok Taksih Awis

Klaten, www.jogjatv.tv – Regi lombok ing Tlatah  Klaten,Jawa Tengah , ngantos samangke taksih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap, kepara  lon-lonan mindhak malih. Miturut para bakul lombok ing Peken Klaten Kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Sabotenipun saben dinten reginipun mindhak  pitung ewu rupiyah lan samangke reginipun  dados Rp.105.000,00 saben kilo. Kawontenan kasebat njalari panyadening lombok kirang laris awit para konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.

Sinaosa regi lombok rawit abrit samangke mindhak malih nanging regi lombok  abrit ageng taksih popog,  Rp.40.000,00 saben kilo. Makaten ugi regi lombok rawit ijem, ngantos samangke reginipun popog  Rp.55.000,00 saben klilo. Para bakul mboten saged ndugi regi lombok badhe mindhak utawi mandhap. ( Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.