Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kasau Jiarah Dhateng Monumen Ngoto

Kasau Jiarah Dhateng Monumen Ngoto

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge ngaosi labuh labetipun para pahlawan, mliginipun pahlawan saking kalangan TNI Angkatan Udara, Kasau ingkang enggal, Marsekal Hadi Tjahjanto, dinten Kemis (26/1) enjing jiarah lan nyekar dhateng Monumen TNI AU Ngotho, Banguntapan,Bantul.

Rombongan monjukaken donga dhateng makam pahlawan TNI Angkatan Udara, Adisucipto, Abdulrahman Saleh lan Adisumarmo. Tetiga pahlawan punika nemahi kacilakan nalika mbekta bantuwan obat-obatan saking Singapura, gugur jalaran pesawat ingkang dipun titihi dipun tembak dening pasukan Belanda lan dhawah ing Padhukuhan Ngoto.

Sasampunipun Jiarah, Kasau ngajak sedaya prajurit TNI AU supados nulad perjuwangan lan gegayuhan luhur para pahlawan negara ingkang lila korban jiwa raga kangge mbelani Kamardikan  Indonesia. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.