Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Disnakertrans Badhe Mbidhalaken  Tki Dhateng Malaysia

Disnakertrans Badhe Mbidhalaken  Tki Dhateng Malaysia

Kulon Progo, www.jogjatv.tv – Dinas Tenaga Kerja dan Transmigrasi – Disnakertrans Kulon Progo, suka kalodhangan dhateng Warga Kulon Progo kangge makarya dhateng Malaysia. Disnakertrans badhe mbidhalaken 34 TKI kangge makarya dhateng PT Samsung Elektronik, Selangor,Malaysia.

34 Tenaga Kerja Indonesia (TKI) inggih 5 wanita lan  29 priya, warga  saking  Kecamatan Panjatan, Galur, Wates, Sentolo, Pengasih lan Kokap, lolos seleksi penerimaan kerja ing Selangor,Malaysia. Saderengipun, 34 calon tenaga karya punika, tumut  maneka rambahan seleksi, antawisipun test administrasi, kesehatan lan keterampilan ingkang dipun tindakaken dening Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi Kulon Progo.

Kepala Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi Kulon Progo, Eko Wisnu Wardhana mratelakaken, maneka kupiya dipun tindakaken dening Disnakertrans kangge nyuda angka pengangguran antawisipun kanthi memitran kaliyan perusahaan ing Kulon Progo lan ngamanca.

Penjabat Bupati Kulon Progo , Budi Antono mratelakaken,  Disnakertrans  Kulon Progo mbidhalaken  34 calon TKI dhateng Malaysia. Pangajabipun patembayatan kados makaten saya supeket, kanthi nyawisaken calon tenaga karya ingkang mumpuni.

Kanthi patembayatanipun Disnakertrans Kulon Progo lan BP3TKI DIY, Kulon Progo kasembadan nyuda angka pengangguran. Miturut data ing taun 2015, calon TKI ingkang dipun bidhalaken wonten 8.966 dene ing 2016 wonten 2.887.

34 calon TKI,badhe dipun bidhalaken dhateng  Malaysia ing tengahing wulan Febuari 2017. ( Rida junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.