Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Sendratari Arahiwang

Pagelaran Sendratari Arahiwang

Purworejo, www.jogjatv.tv –Altar Arahiwang ing Desa Boro Wetan, Kecamatan Banyuurip, Purworejo badhe dipun mulyakaken dening Pemkab Purworejo. Altar arahiwang inggih papan pasujarahan pinanggihipun kajeng arahiwang cikal bakal hadeging Kabupaten Purworejo.

Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa Kabupaten Purworejo Jawa Tengah ingkang kaping 1.115 taun, dinten Rebo (5/10) sonten, dipun adani pagelaran Sendratari Arahiwang mapan dhateng Altar Arahiwang. Sendratari Arahiwang nyariyosaken Bumi Kajeng Arahiwang utawi Bagelen ingkang dipun idini mboten mbayar upeti dening Raja Mataram Kuno Sri Maharaja Dyah Balitung, papan kapanggihaken prasasti Kajeng  Arahiwang minangka cikal bakal Hadeging Kabupaten Purworejo.

Bupati Purworejo,Agus Bastian rumaos mongkog kanthi gumelaring pagelaran Sendratari Arahiwang lan Pemkab Purworejo gadhah gagasan badhe mulyakaken Altar Arahiwang supados saya narik kawigatosan wisatawan domestik punapa dene ngamanca.

Nalika mriksani pagelaran Sendratari Arahiwang bupati, FKPD, SKPD sarta bebadan ingkang kawogan ngangge busana adat jangkep, pralambang tumut memetri budaya jawi. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.