Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pangalembana Geopark Gunungsewu Saking Unesco

Pangalembana Geopark Gunungsewu Saking Unesco

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Geopark Gunungsewu lan 8 geopark sanes saking saindhenging donya nampi pangalembana saking UNESCO. Tandha pangalembana wau kaajab njurung pangrembakaning geopark ing Indonesia.

Kawontenan geografis Kabupaten Gunungkidul ingkang wujud pareden lan seganten mboten saged dipun kiwakaken. Buktinipun  Geopark Gunungsewu nampi tandha pangalembana saking UNESCO. Saking 120 geopark ing donya, Geopark Gunungsewu pikantuk urutan nomer 5 perwakilan saking Indonesia. Tandha pangalembana saking UNESCO dipun tampi dening Bupati Gunungkidul, Badingah salebeting Konferensi Internasional kaping 7 Unesco Global Geopark ing Torquay Inggris tanggal 27 ngantos 30 September. Kajawi pareden sewu, geopark sanes ingkang nampi tandha pangalembana inggih Geopark Donhuang lan Gua Zhijindong ing Tiongkok, Kepulauan Lanzarote Chinijo ing Spanyol, Gunung Apoi ing Jepang, Geopark Pollino ing Italia, Geopark Reykjanes ing Islandia, Geopark Sitia ing Yunani lan Pegunungan Troodos ing Siprus. Salebeting konferensi kasebat 5 geopark ing Indonesia ugi dipun sukani kalodhangan kangge nggelar pameran mirunggan kanthi irah-irahan Wonderful Geopark Of Indonesia, Geopark Gunungsewu dumunung dhateng tigang kabupaten inggih punika Gunungkidul,Pacitan, Jawa Timur lan Wonogiri, Jawa Tengah. Kanthi pangalembana wau,  Geopark Gunungsewu sampun kaloka saindhenging donya lan badhe dados jujugan  wisatawan. Awit saking punika, sosialisasi grengseng dipun tindakaken antawisipun kanthi njlentrehaken materi bab geopark lan njurung para muda supados tumemen njagi lestarining geopark ing tlatah Gunungkidul.

 

Bupati Gunungkidul, Badingah mratelaken, awit pambudidaya  Pemerintah Kabupaten Gunungkidul lan panyengkuyung saking masyarakat wusananipun Kabupaten Gunungkidul kasembadan nampi tandha pangalembana saking UNESCO lan kawentar  dhateng  saindhenging donya. Samangke Gunungsewu ing Gunungkidul sampun narik kawigatosan  wisatawan domestik punapa dene wisatawan ngamanca ingkang saben dinten cacahipun mindhak. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.