Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemilih Pemula Prayogi Mboten Golput

Pemilih Pemula Prayogi Mboten Golput

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Amrih tingkat partisipasi pemilih salebeting Pilwali Kota Yogyakarta taun 2017 kathah, Pemerintah Kota Yogyakarta ngadani sosialiasasi pemilihan walikota dan wakil walikota tumrap pelajar.

Sosialisasi Pilwali Kota Yogyakarta dipun tindakaken ing sasela-selaning kridha Giat Napza tumrap  pelajar ing Pendhapi  Balaikota Yogyakarta. Salebeting sosialisasi ingkang dipun estreni dening 100 siswa SMA-SMK punika suka gambaran bab pemilihan walikota lan wakil walikota wulan Februari 2017 benjing. Wonten ing kalodhangan kasebat, Panwaslu  Kota Yogyakarta ngajab para pelajar ingkang sampun gadhah hak pilih lan kalebet pemilih pemula supados ngginakaken hak pilihipun lan mboten  golput.

Panwas ugi ngajak para pelajar supados tumut ngawat-awati  lampahing Pilwali Kota Yogyakarta. Kiprah pelajar sakelangkung mbiyantu awit  cacahing pengawas pemilu ing panwaslu winates.  Kajawi punika sosialisasi kados makaten kaajab badhe ndunungaken para pelajar supados menawi mrangguli lampah culika tumuli dipun lapuraken dhateng pehak ingkang kawogan.

Salebeting Pilwali Kota Yogyakarta taun 201, wonten  300 ewu  pemilih ingkang saged ngginakaken hak pilihipun dene  16 ewu 250  pemilih ing antawisipun inggih pemilih pemula. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.