Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sulam Alis

Sulam Alis

Sleman, www.jogjatv.tv –Saben wanita mesthinipun kepengin tansah katingal sulistya. Kejawi model rikma, gatra wujuding alis inggih salah satunggal perangan ingkang saged nambah kasulistyaning wanita. Awit saking punika samangke bisnis sulam alis saya mratah.

Jaman samangke kathah wanita ingkang milih teknik sulam supados gatra wujuding alis lan lathinipun saya endah. Teknik sulam kawawas inggih cara ingkang praktis lan asilipun ugi awet kejawi punika ugi saged anut dhateng pepenginan konsumen. Samangke ladosan sulam alis ing Indonesia saya mratah, kalebet ugi dhateng Ngayogyakarta. Salah satunggalipun inggih dhateng wewengkon Jalan Lingkar Utara, Condong Catur, Depok,Sleman, gadhahanipun Gadi Prinawati lan Tjhin Kiong Li utawi langkung kaloka kanthi nama Ali Tattoo.

Ali Tattoo inggih salah satunggaling ahli sulam alis ing Indonesia. Priya kelairan Kalimantan punika sampun nggarap sulam alis sawetawis artis kawentar, kadosta Nikita Willy, Yuni Sara lan Krisdayanti. Ing papan kasebat kacawisaken maneka pola sulam. Pola empat dimensi badhe ngasilaken gatra alis ingkang kandel tipisipun saged dipun damel cundhuk kaliyan aslinipun. Wondene pola 6 dimensi, badhe langkung ngatingalaken serat ingkang alus lan werninipun langkung kalem. Boten wonten efek samping saking lampah punika awit ngginakaken bahan herbal lan piranti ingkang canggih nanging asilipun saged awet ngantos sekawan taun.

Lulusan Fakultas Kedokteran salah satunggaling pawiyatan luhur kawentar ing Ngayogyakarta punika pitados, bisnis sulam alis badhe monjo lan ngrembaka awit saya kathah wanita ingkang migatosaken dhateng pangupakawising badan amrih tetep katingal sulistya.

Kejawi tattoo sulam alis, ing papan kasebat ugi nyawisaken tatoo sulam bibir punapadene perawatan lan konsultasi kecantikan dene bab tarip dipun cundhukaken kaliyan angelipun garapan awit teknik sulam punika mbetahaken kaprigelan mirunggan. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.