Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petani Panen Lombok Panen Gasik

Petani Panen Lombok Panen Gasik

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Cuaca ingkang mboten kantenan sawetawis wekdal  punika, njalari petani lombok was sumelang. Taneman lombok ingkang sampun ngancik mangsa panen samangke kembeng toya. Petani kupiya ngesat toya, supados  lombok mboten bosok.

Jawah deres sadanguning seminggu ing tlatah Kulonprogo njalari taneman lombok ing Desa Kaligintung, Temon, Kulonprogo kembeng toya.  Taneman lombok ageng ijem ingkang sampun ngancik mangsa panen kembengan toya lebetipun 10 centimeter.

Petani lombok ing tlatah kasebat samangke rumaos was sumelang awit taneman lombok ingkang badhe dipun panen setengah wulan malih, samangke keblabak bena.

Kangge ngawekani kapitunan, sekedhik mboko sekedhik lombok dipun panen  gasik supados mboten bosok jalaran kembengan toya. Regi lombok samangke anjlog,  antawis sekawan ewu ngantos nem ewu rupiyah saben kilo jalaran mutu lombok awon kamangka regi lombok limrahipun kalih welas ewu rupiyah.

Kawontenan mangsa ingkang mboten gumathok njalari petani lombok nandhang kapitunan ngantos puluhan yuta saking wiyar pasabinan 17 hektar. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.