Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Penyerapan Tenaga Kerja Dhateng Ngamanca Dereng Tumanja

Penyerapan Tenaga Kerja Dhateng Ngamanca Dereng Tumanja

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Program Pemerintah Joko Widodo kangge ngendeli ngintun tenaga kerja dhateng ngamanca tumrap sektor rumah tangga -PRT, pikantuk tanggapan gumathok saking maneka pehak. Ewa semanten, program wau kedah sinartan gladhen ketrampilan tumrap tenaga karya ingkang badhe bebara dhateng ngamanca.

Direktur LP2K Sun Marino Indonesia, Ariyanto nampi kanthi remen penghapusan pengiriman tenaga kerja keluar negeri sektor tenaga rumah tangga dening Pemerintah Joko Widodo. Warga ingkang makarya dhateng sektor rumah tangga asring nampi lampah daksiya, pramila ngintun tenaga kerja terdidik lan terlatih dhateng ngamanca kawawas langkung trep. Antawisipun tenaga bidang perhotelan lan kapal pesiar. Sektor pakaryan ingkang betahaken atusan ewu tenaga karya saben taun punika, kadosipun kirang pikantuk kawigatosan saking pemerintah kamangka Indonesia minangka  salah satunggaling nagari ingkang gadhah tenaga kerja bidang kapal pesiar lan perhotelan ingkang sae piyambak. Sektor punika, saben taun betahaken 16 ewu tenaga karya. Ewa semanten bab basa inggih dados pepalang tumrap Warga Indonesia ingkang badhe bebara dhateng ngamanca sarta mboten mangertos syarat-syarat ingkang kedah dipun jangkepi.

Ariyanto ugi mratelakaken, pemerintah ngantos samangke namung nengenaken ngintun Tenaga Kerja Indonesia utawi TKI limrah dede kangge bidang perhotelan lan kapal pesiar. Kamangka kekalih  bidang punika suka pisumbang devisa ingkang langkung kathah tinimbang TKI ingkang makarya dhateng  pabrik lan pakaryan baku sanesipun. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.