Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari TNI

Pengetan Hari TNI

Klaten, www.jogjatv.tv –Mengeti Hari TNI ingkang kaping 71 taun,  warganing Polsek Klaten suka bebingah dhateng warganing TNI Koramil Klaten Tengah lan Koramil Kebonarum. Warganing Polsek Klaten ngarak tumpeng tumuju Kantor Koramil atur pangayubagya pengetan ambal warsa ingkang kaping 71 taun TNI.

Dumugi pelataran Koramil Klaten Tengah, rombongan dipun tampi dening Danramil ingkang rumaos trenyuh ,lan kejot dhateng kawigatosan warganing Polisi Polsek Klaten.

Kapolsek Klaten, AKP Warsono, ngajab ing pengetan ambal warsanipun ingkang kaping 71 taun, TNI saya sengguh lan  profesional mujudi Nagari Indonesia yang berdaulat lan mandiri dene Danramil Klaten Tengah, Kapten Joko  Purwanto rumaos mongkog lan trenyuh awit kawigatosan  Polsek Klaten minangka wujud kamanunggalan TNI Polri salebeting mbangun bangsa. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.