Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Lukisan “Gara-Gara”

Pameran Lukisan “Gara-Gara”

Bantul, www.jogjatv.tv –Jagading seni lukis lan pameran dhateng Ngayogyakarta tansah regeng. Prasasat saben dinten pameran lukisan lan seni kathah dipun gelar dhateng maneka galery. Salah satunggal gumelaring pameran ingkang elok dipun gelar dening Kelompok Wedangan Yogyakarta mapan dhateng Pendhapi Art Space Ringroad Kidul, Panggungharjo, Sewon, Bantul. Puluhan lukisan wohing pakaryanipun para perupa senior dipun pameraken kanthi lelahanan. Beda kaliyan pameran lukisan sanesipun, pameran gara-gara punika ngedahaken para perupa mameraken wohing pakaryanipun ing bab ringgit. Maneka ringgit kanthi maneka watak lan teges saged dipun priksani salebeting pameran samangke ingkang dipun gelar ngantos tanggal sedasa Oktober 2016.

Kejawi lukisan, Kelompok Wedangan ugi mameraken sawetawis dhuwung koleksi warganing Wedangan. Puluhan wilah duwung kasebat dipun pajang dhateng etalase kaca. Maneka duwung kasebat inggih wohing pakaryan seni warisan leluhur ingkang ngantos samangke dereng kinawruhan dening akathah. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.