Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Coblosan Ketua RT

Coblosan Ketua RT

Sleman, www.jogjatv.tv – Pengisian jabatan ketua RT punapa dene ketua RW ing Sleman limrahipun dipun temtokaken nanging pilihan ketua RT ing Padukuhan Jowah, Desa Sidoluhur, Kecamatan Godean, Sleman, dinten Minggu (16/10) siyang dipun tindakaken kanthi cara coblosan. Salebeting  pilihan pimpinan andhap piyambak ing tataran padukuhan punika, sedaya warga ingkang sampun nggadhahi  hak pilih, dipun sukani sedahan dhateng Tempat Pemungutan Suara (TPS) kangge milih ketua RT satrep kaliyan pepinginanipun.  Kangge ngawekani pemilihan ganda, warga ingkang sampun ngginakaken hak pilih, drijinipun dipun clupaken dhateng tinta, kados lampahing pemilu. Tiga calon ketua RT, ugi dhateng ing TPS dene warga ugi greget ngginakaken hak pilihipun, makaten ugi para  manula lan  para ibu ingkang ngajak  yoganipun dhateng TPS.

Miturut Dukuh Jowah, Muhamad Asmadi, pilihan ketua RT  langsung samangke mengku ancas supados masyarakat saged nemtokaken  pilihanipun piyambak ngiras kangge  nggegulang lampah demokrasi.

Kepala Bagian Pemerintahan Desa Pemkab Sleman, Mardiyana nalika nyemak pilihan  ketua RT ing Padukuhan Jowah, njurung lampahing coblosan awit kajawi ayahanipun mbiyantu dukuh, ketua RT  ugi tumut cawe-cawe amrih rancaging pambangunan ing padukuhan. Kanthi makaten, ketua RT ingkang kapilih estu biyantu amrih pangrembakaning pambangunan padukuhan. ( Subardi )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.