Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Anggrek Vanda Tricolor Saya Langka

Anggrek Vanda Tricolor Saya Langka

Sleman, www.jogjatv.tv – Anggrek vanda tricolor inggih salah satunggaling jinis tetuwuhan mirunggan Pereng Redi Merapi ingkang samangke saya langka. Awit saking punika, Miturut pengelola Taman Anggrek Titi Orchids, Desa Harjo Binangun, Kecamatan Pakem, Sleman, Sri Suprih Lestari, anggrek vanda tricolor langkung unggul tinimbang jinis anggrek sanesipun. Warninipun endah, gatranipun mirunggan dene gandanipun arum pramila reginipun awis.  Kajawi punika anggrek vanda tricolor ugi saged gesang ing ing ngare punapa dene pareden lan gampil pangupakawisipun. Emanipun, ngantos samangke dereng kathah ingkang pana lampah budidaya anggrek tricolor. Awit saking punika, Sri Suprih Lestari suka pamrayogi supados  para sutresna anggrek purun budidaya taneman anggrek jinis punika awit  welingan  ekspor  anggrek vanda tricolor mindhak dene reginipun awis pramila  bebatheni.

Miturut Suprih kajawi saking Pereng Merapi, taneman anggrek vanda tricolor ugi kapanggihaken ing Jawa Barat, Bali lan Laos. Sinaosa makaten ingkang mutunipun sae piyambak inggih anggrek vanda triocolor asli Pereng Merapi awit sekaripun kandel lan awet.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.