Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wiranem Kirang Tanggap Tandha Alam

Wiranem Kirang Tanggap Tandha Alam

Yogyakarta, www.jogjatv.tv — Supados langkung tanggap dhateng tandha-tandha alam lan tradisi peringatan dini atusan mahasiswa jurusan psikologi tumut salebeting Kuliah Umum Psikologi Komunitas. Kridha punika kanthi narasumber Niniek L Karim satunggaling ahli psikologi.

Saderengipun wonten sistem peringatan dini bencana kados samangke, warga masyarakat kawuri tansah tanggap dhateng tandha-tandha alam menawi badhe tumempuh satunggaling musibah alam. Emanipun bab kasebat nalika dumugi jaman samangke sampun luntur. Bab tanggap dhateng kawontenan alam kasebat inggih bab ingkang dipun rembag salebeting Kuliah Umum Psikologi Komunitas, ing dinten Minggu (16/10) siyang mapan dhateng Kampus Satu Universitas Ahmad Dahlan Yogyakarta. Niniek L Karim, ahli psikologi Pasca Sarjana Universitas Indonesia, minangka narasumber tunggal salebeting kuliah umum kasebat mratelakaken, adat para leluhur lan psikologi komunitas ing jamanipun ingkang ndayani para leluhur tansah tanggap lan saged maos tandha- tandha alam. Bab punika wigati dipun jlentrehaken awit wiranem samangke kirang tanggap lan boten saged maos tandha alam sarta suwasana, satemah boten mangertos dhateng tandha-tandha dhatengipun bebaya lan musibah.

Ketua Komunitas Klinik  Psikologi Yogyakarta,  Hadi Suyono mratelakaken materi ingkang dipun beberaken dening Niniek L Karim punika migunani sanget tumrap para mahasiswa psikologi. Kaajab para mahasiswa saged ndhudhah dayanipun inggih pribadhi punapadene komunitas, satemah ngelmi ingkang dipun tampi saged migunani kanthi dipuncakaken dhateng wewengkonipun. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.