Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Ringgit Kancil “Rebut Banyu Tanpa Isi”

Pagelaran Ringgit Kancil “Rebut Banyu Tanpa Isi”

Sleman, www.jogjatv.tv – Saya susutipun mutu sumber toya ing Kitha Ngayogyakarta nuwuhaken raos prihatos saking maneka pehak. Salah satunggalipun inggih saking Puskat Yogyakarta. Kangge mbiwarakaken dhateng masyarakat bab pigunanipun ngreksa wewengkon, taun samangke Puskat nggelar pagelaran ringgit kancil kanthi lampahan Tanpa Rebut Banyu Isi ingkang magepokan kaliyan lestarining wewengkon, mapan dhateng Balai Budaya Sinduharjo,Ngaglik, Sleman. Ringgit kancil kanthi paraga para sato kewan kadosta baya, macan, gajah, kethek, kancil lan sanes sanesipun, kanthi dening dhalang Ki Triyanto Genthong Hapsoro, dipun pilih kangge sesuluh bab wigatinipun ngreksa lestarining wewengkon, mliginipun njagi mutuning toya, inggih ing lepen punapadene sumber toya sanesipun, ngengeti samangke ing Kitha Ngayogyakarta sumber toya resik saya mrihatosaken.

Biwara ingkang dipun tata kanthi pagelaran ringgit kancil punika ing pangangkah supados langkung gampil dipun tampi dening lare lan wiranem lumantar sanggit cariyos fabel.

Kejawi pagelaran ringgit kancil, taun samangke puskat ugi nggelar Festival Film Puskat sesirah Ekologi Dan Kelestarian Lingkungan lan tetela saged narik 109 pasarta saking saindenging Indonesia. Kaajab lumantar kridha ajeg taunan kados makaten, saged kangge nuwuhaken kesadaran masyarakat kangge ngupakawis lan memetri wewengkonipun. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.