Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pigunanipun Kulit Jeram

Pigunanipun Kulit Jeram

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Jeram inggih jinis uwoh-wohan ingkang dipun remeni dening masyarakat.  Jeram ngandhut gizi  ingkang kathah inggih punika vitamin c ingkang piguna tumrap badan. Ewa semanten menapa panjenengan mangertos menawi kulit jeram ugi piguna tumrap kasarasan, kangge pengharum ruangan punapa dene kecantikan.

Kulit jeram piguna kangge ngusadani maneka sesakit, antawisipun  gangguan pencernaan, padaran  mules jalaran maag, bronkhitis lan ngandhapaken bobot badan. Caranipun girah kulit jeram, dipun rajang alit-alit, lajeng dipun damel manisan. Menawi badhe dipun ocal manisan,  kulit jeram wau kedah dipun pepe ngantos garing lajeng dipun sukani gendhis sacekapipun.

Ganda kulit jeram tetela piguna kangge aroma terapy pramila piguna kangge relaksasi. Awit saking punika, kulit jeram saged dipun tanjakaken kangge pengharum ruangan. Caranipun ugi gampil kanthi nyumet lilin dhateng  kulit jeram. Ganda jeram badhe karaos menawi  urubing lilin dipun pejahi.  Kulit jeram  ugi saged dipun tanjakaken kangge pengharum perabot rumah tangga, antawisipun kulkas lan sepatu.

Supados  kulkas wangi, caranipun dhateng sawingking kulkas dipun sebari sarem lan kulit jeram lan kedah dipun gantos kanthi ajeg. Kejawi punika kulit jeram ugi saged ngicali ganda sepatu. Caranipun kanthi nglebetaken irisan  kulit jeram dhateng  sepatu.  (farah nabilla +ikhsan )

Share this with friends

Comments are closed.