Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kelompok Ternak Lembu Mukti Andini Samekta Ngingah Lembu Brahman

Kelompok Ternak Lembu Mukti Andini Samekta Ngingah Lembu Brahman

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngindakaken  populasi lembu ing Klaten sarta amrih kasembadan mujudi  swasembada daging  ing Indonesia , Kelompok Tani Ternak Lembu Mukti Andini Satu, Desa Cucukan Kecamatan Prambanan Klaten nyamektakaken kandang mligi kangge ngingah lembu Brahman saking Australia. Kades Cucukan, Heru Pramana mratelakaken, Kelompok Tani Ternak Lembu Mukti Andini Satu, samangke sampun damel kandang kangge ngingah lembu Brahman. Wiyar kandang 600 meter persagi lan  amot kangge ngandhangaken lembu cacah 100. Kajawi damel kandang ingkang nelasaken wragat 150 yuta rupiah, piranti sanes ugi sampun dipun cawisaken antawisipun timbangan , pengolahan tlethong  lan pakan. Awit sedayanipun sampun samekta pramila peternak ngajab supados  pemerintah pusat tumuli masrahaken bantuwan lembu Brahman minangka bebana tumrap kelompok tani ingkang sasab Lomba Agribisnis Sapi Potong  Nasional taun 2014. Kandang lembu Brahman beda kaliyan lembu ongol awit lembu kasebat dipun umbar mboten dipun cencang. Ngantos samangke  kelompok tani ternak lembu mukti andini dados jujugan studi banding tumrap peternak ing Indonesia, antawisipun  Bali , Sumatera lan Pulo Jawa. Dinten Rebo (19/10), Kelompok Ternak Mukti Andini Satu dipun dhatengi dening peternak saking Desa Gogik , Kecamatan Ungaran Barat Kabupaten Semarang.

Seksi Produksi Bidang Peternakan Dinas Pertanian Kabupaten Klaten, Agung Nugroho mratelakaken, bantuwan lembu  Brahman dereng dipun pasrahaken dhateng Kelompok Tani Ternak Lembu Mukti Andini Satu awit anggaran saking pemerintah pusat dipun suda. Angkahipun taun ngajeng bantuwan kasebat saged dipun pasrahaken awit  taun punika saweg dipun cakaken kangge program budidaya sapi potong persilangan. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.