Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pambangunan TMMD Ing Prambanan Langkung Saking Pangangkah

Pambangunan TMMD Ing Prambanan Langkung Saking Pangangkah

Sleman, www.jogjatv.tv – Lampahing pambagunan program TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD) Sengkuyung kaping 97 taun 2016 ing Desa Wukirharjo, Kecamatan,Prambanan,Sleman paripurna. Kodim 0732 Sleman, dinten Rebo enjing nindakaken upacara penutupan lampahing program TMMD sengkuyung kaping 97 taun 2016,ing Pelataran Balai Desa Wukirharjo kanthi  inspektur upacara, Komandan Kodim 0732 Sleman, Letkol Joko Sujarwo. TMMD Sengkuyung ing Desa Wukirharjo ingkang dipun tindakaken wiwit tanggal 20 September kapengker tetela langkung saking pangangkah. Sakawit  rantaman progam namung badhe cor blok margi, mbangun talud margi lan dandosi  masjid, mbangun pos siskamling sarta lantainisai kalih griyaning warga nanging kasunyatanipun saged mbangun prasarana fisik sanesipun lan irit anggaran  Rp.62 yuta.

Program TMMD ingkang sampun lumampah sadanguning 35 taun sakelangkung migunani tumrap masyarakat, pramila kridha punika badhe dipun lajengaken.

Wonten ing kalodhangan kasebat kodim 0732 Sleman ugi masrahaken bantuwan 250 kilo winih pantun tumrap kelompok tani ing Prambanan ingkang dipun pasrahaken dening Kodim 0732 Sleman, Joko Sujarwo lan Pelaksana Harian Sekda Sleman, Iswoyo Hadiwarno.

Penutupan TMMD Sengkuyung Tahap 2

Klaten

Wondene upacara penutupan TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD)  Sengkuyung tahap dua ing tlatah Klaten dipun  tindakaken ing Lapangan Randulanang , Kecamatan Jatinom,Klaten ,Jawa Tengah. Progam TMMD Sengkuyung dipun tindakaken sadangunipun 21 dinten ing Desa Randulanang dene pambangunan ingkang dipun lampahi inggih betonisasi margi ingkang panjangipun  1.050 meter , dandosi  10 unit  giya, damel pekiwan  8 unit sarta ndandosi papan ibadah lan ngadani maneka ktidha non fisik .  Miturut Dandim 0723 Klaten Letkol Infanteri Bayu Jagat,pambangunan lumantar progam TMMD Tetela irit  anggaran ngantos atusan yuta rupiyah. ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.