Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasudiyan Winates, Regi Lombok Mindhak

Pasudiyan Winates, Regi Lombok Mindhak

Solo, www.jogjatv.tv – Sawetawis dinten pungkasan regi lombok ing peken tradisional tlatah Solo mindhak.  Sedaya jinis lombok prasasat mindhak  sekawan ewu ngantos puluhan ewu rupiyah saben kilo.

Sawetawis dinten pungkasan regi maneka jinis lombok ing Peken Legi Solo Jawa Tengah, mindhak. Lombok abrit ageng ingkang sakawit reginipun Rp.42 ewu mindhak dados Rp 46 ewu saben kilo. Lombok rawit abrit ingkang sakawit Rp 18 ewu mindhak dados Rp 32 ewu, lombok rawit ijem  mindhak gangsal ewu sakawit pitung ewu dados Rp.12 ewu saben kilo lan lombok abrit kriting ingkang sakawit reginipun Rp.40 ewu dados Rp.48  ewu saben kilo. Kosok wangsulipun regi lombok ijem ageng mandhap sakawit Rp 15 ewu dados Rp.12 ewu saben kilo. Salah satunggaling bakul lombok,  Nanik mratelakaken, pangaribawa kawontenan cuaca ingkang mboten kantenan njalari  asil panen lombok mboten tumanja. Bab wau njalari pasudiyan  lombok ing peken winates satemah  reginipun mindhak. Jalaran reginipun mindhak,  warga ugi nyuda anggenipun tumbas lombok. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.