Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Kesehatan Jiwa

Pengetan Hari Kesehatan Jiwa

Solo, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Kesehatan Jiwa Sedunia taun 2016 , Rumah Sakit Jiwa Daerah (RSJD) dr. Arif Zainudin Surakarta nggelar Pentas Ekspresi Dan Kreasi Rehabilitasi. Puluhan pasien RSJD dr Arif Zainudin Surakarta, tumut pentas ekspresi ing Aula Indraprasta RSJD Kota Surakarta. Pentas ingkang dipun gelar antawisipun Tari Cuci Tangan, nyanyi, njoget lan karawitan. Kepala Instalasi Kesehatan Jiwa Masyarakat RSJD dr Arif Zainudin Surakarta, Maria Rini Indriatni mratelakaken, kridha samangke mendhet irah-irahan Martabat Dalam Kesehatan Jiwa, Pertolongan Pertama Pada Gangguan Mental Dan Psikologis Untuk Semua. Ancasipun kangge ngewahi penganggep  tumrap pasien gangguan jiwa ingkang ngantos samangke dipun kiwakaken. Lumantar pentas ekspresi pahakipun kupiya buktekaken bilih para pasien gangguan jiwa saged makarya lan srawung ing madyaning masyarakat.  Kajawi nggelar pentas seni pertunjukan, para pasien RSJD , pasien rawat inap punapa dene rawat jalan ugi mameraken wohing pakaryanipun, antawisipun lukisan, seni kriya lan kerajinan sulam ingkang ugi dipun sade dhateng warga ingkang dhateng rumah sakit.

Miturut Maria Rini kathahipun kasus gangguan jiwa samangke asring dipun lirwakaken awit kirangipun  seserepan masyarakat, salebeting  suka pitulungan  tumrap panandhang gangguan jiwa. Awit saking punika masyarakat kedah dipun sukani seserepan caranipun ngrimat panandhang gangguan jiwa kanthi leres supados mboten nemen. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.