Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pmtas Wigati Tumrap Lare

Pmtas Wigati Tumrap Lare

Bantul, www.jogjatv.tv – Sadangunipun tigang dinten , Tim Evaluasi Program Makanan Tambahan Bagi Anak Sekolah (PMTAS) Kabupaten Bantul rawuh dhateng enem sekolah terbaik salebeting nyawisaken PMTAS tumrap siswa. Sekolah wau dipun  evaluasi magepokan keragaman menu lan kandutan gizinipun.

Ketua Tim Penggerak PKK Kabupaten Bantul, ingkang ugi Bunda PAUD Bantul,Erna Kusuma Suharsono njurung kupiyanipun sekolah ingkang tansah nyawisaken  maneka menu lan nengenaken kandhutan gizi PMTAS. Enem sekolah terbaik punika kaajab sageda dipun tulad dening sekolah sanes salebeting nyawisaken menu PMTAS ingkang maneka warni lan kathah kandhutan gizinipun.

Wondene Asekda Tiga Setda Kab Bantul , Sunarto mratelakaken, enem sekolah terbaik kapiji makili 17 kecamatan. Evaluasi dipun tindakaken kangge nyemak lampahing program PMTAS,  supados variasi lan ngandhut gizi. PMTAS wigati dipun paringaken nalika  masa emas anak kangge nyekapi asupan gizi ingkang imbang . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.