Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten

Seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta nggelar seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten tataran DIY taun 2016, malem Rebo (18/10). Panitia Seleksi Seni Pertunjukan Tedak Siten Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta, Eni Lestari Rahayu mratelakaken, Seleksi Seni Pertunjukan tataran DIY inggih agenda taunan, seleksi taun samangke mendhet irah-irahan Tradisi Tedak Siten dipun estreni  5 penyaji wakil saking kabupaten lan kota ing DIY, inggih punika Kabupaten Kulonprogo ingkang mitontonaken tradisi tedak siten Amiwiti Napak Bumi Pertiwi, Kabupaten Sleman sesirah Lela Ledung, Kabupaten Bantul mendhet irah-irahan Greget, Kabupaten Gunungkidul , irah-irahan Hanapak Bantala, dene Kota Yogyakarta mendhet irah-irahan tedak siten Eneng Ening Eling. Para pamupu mitontonaken  tatacara upacara tedak siten salebeting gelar seni pertunjukan. Tedak siten lampah adat tumrap masyarakat jawi,   ingkang dipun tindakaken nalika lare umur 7 wulan, wancinipun bayi wiwit napak siti lan tepang dhateng wewengkon sakiwa tengeipun minangka donga pamuji supados  lare tinebihna saking maneka rubeda lan  benjing diwasa  piguna tumrap bangsa lan nagari sarta tansah mituhu dhumateng tiyang sepuh.

Seleksi samangke ugi mengku ancas kangge memetri tradisi tedak siten ingkang samangke wiwit luntur ing madyaning masyarakat. Maneka uba rampe ingkang dipun cawisaken salebeting upacara tedak siten yektinipun ugi mengku wedi wigati antawisipun  jadah  7 warni, pangemba maneka warni kawontenan gesang.  Tumrap   penyaji terbaik badhe nampi bebana arta pembinaan sarta dipun sukani kalodhangan pentas ing Anjungan Yogyakarta Taman Mini Indonesia Indah  Jakarta. Kridha punika ugi dados kalodhangan kangge  ndudah kreatifitas seniman kangge ngangkat lan ndayakaken kaskaya budaya ing DIY.  ( Purwanto )

 

 

 

Share this with friends

Comments are closed.