Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Atlet Difabel Dipun Kirab

Solo, www.jogjatv.tv – Atusan atlet berkebutuhan khusus Jawa Tengah ingkang tetandhingan salebeting Peparnas kaping gangsal welas, dipun kirab mubeng Kitha Surakarta. 14 Jeep Willys , bus lan minibus  dipun cawisaken dening Korem 074 Warastratama  kangge ngarak atusan atlet ingkang tumut Pekan Paralymlic Nasional (Peparnas) XV, ing Bandung. Kontingen Nation Paralympic Commitee  (NPC) Jawa Tengah kasembadan... {...}

Continue Reading →

Sarasehan Kesehatan,Antisipasi Penyakit Stroke

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge ngawekani satunggaling sesakit, Gabungan Organisasi Wanita (GOW) Kabupaten Sleman, nggelar sarasehan kesehatan ing Aula Kantor DPRD Sleman, dinten Selasa (25/10) siyang. Ancasipun supados para wanita, pana dhateng penyakit stroke lan saged  nindakaken pencegahan dini. Sarasehan kanthi nara sumber, dokter RSUD Sleman, Eni Nurhidayati kasebat njlentrehaken penyakit stroke lan caranipun ngawekani. Miturut... {...}

Continue Reading →

Priksa Dhateng RSUD, Warga Panampi Bpjs Mruput Antri

Purworejo, www.jogjatv.tv – Warga panampi BPJS ingkang badhe priksa dhateng RSUD Tjitro Wardoyo kedah antri dhateng loket BPJS mruput supados pikantuk nomer alit. Miturur warga saking Grabag, Tono merlokaken dhateng mruput kangge antri dhateng loket BPJS supados saged tumuli dipun priksa dening dokter dene Warga Sindurjan, Maulana Yusuf suka pamrayogi supados wonten pranatan ingkang gumathok... {...}

Continue Reading →

Pasokan Winates, Regi Lombok Mindhak

Purworejo, www.jogjatv.tv – Regi sawetawis jinis lombok dhateng Peken Tradisional Purworejo, Jawa Tengah samangke mindhak awis. Sawetawis jinis lombok ingkang samangke reginipun mindhak awis inggih punika lombok abrit keriting, lombok rawit lan ugi lombok ijem. Salah satunggaling bakul lombok, Ratmi mratelakaken, samangke regi lombok abrit keriting lan lombok rawit antawis kawandasa ewu ngantos seket ewu... {...}

Continue Reading →

Panandhang Hydrocephalus Betah Bantuwan

Klaten, www.jogjatv.tv – Ari Yulianto, satunggaling rumaja umur 24 taun saking Desa Sengon,Kecamatan Prambanan,Klaten, wiwit balita sampun nandhang hydrosepalus satemah wiwit alit namung saged tileman kemawon. Samangke Ari kepeksa dipun emong dening simbahipun awit bapakipun kedah makarya minangka berah bangunan dene ibunipun sampun tilar donya. Winatesipun ekonomi kulawarga, njalari ngantos samangke sesakitipun dereng saged dipun... {...}

Continue Reading →

Pameran Batik Warna Alam

Sleman, www.jogjatv.tv – Para  perajin batik ing Sleman, dinten Selasa (25/10) siyang, tumut pameran batik warna alam ingkang dipun gelar dening Dewan Kerajinan Nasional Daerah (Dekranasda) Sleman ing Pendhapi Rumah Dinas Bupati Sleman. Wonten ing kalodhangan kasebat ugi dipun gelar workshop sesirah Batik Warna Alam Dari Sleman Untuk Indonesia, ancasipun supados masyarakat mangertos unggulipun batik... {...}

Continue Reading →

Mardi Wuto Tansah Ndayakaken Tunanetra

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Badan Sosial Mardi Wuto ingkang kebawah Yayasan dr. YAP Prawirohusodo tetep sumanggem ndayakaken para difabel mliginipun panandhang tunanetra. Ngantos samangke bebadan ing bidang sosial kasebat sampun ngentas para panandhang disabilitas satemah saged usaha mandhiri lan nglajengaken pasinaon ngantos pawiyatan luhur. Dinten Selasa (25/10) siyang, mapan dhateng kantoripun ing Jalan Cikditiro Kota Yogyakarta,... {...}

Continue Reading →

Karnaval Budaya,Kepyakan Kampung Panca Tertib

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Warga  Kampung Gendeng Baciro, Kota Yogyakarta,  nggelar karnaval budaya kangge mangayubagya pikukuhan Kampung  Panca Tertib Bangunan dening Pemerintah Kota Yogyakarta. Karnaval budaya dipun gelar dinten Minggu (23/10) enjing, dipun sengkuyung  atusan pasarta saking sawetawis kelompok masyarakat. Karnaval ugi kangge mangayubagya pengetan ambal warsa kaping 260 Kota Yogyakarta. Maneka kaskaya seni budaya... {...}

Continue Reading →

Warga Bausasaran Nggelar Pentas Seni

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta ngantos samangke taksih regeng. Malem Senen (23/10) Warga Kelurahan Bausasran, Kota Yogyakarta nggelar pentas  seni sesirah Gelar Pesta Rakyat. Kridha pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta ingkang kaping 260 taun, dipun regengaken maneka kridha seni antawisipun macapat, pagelaran tari, hadroh, fragmen sarta pagelaran ringgit purwa dening dhalang... {...}

Continue Reading →

Seleksi Utsawa Darma Gita Tingkat Diy Tahun 2016

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Lembaga Pengembangan Darma Gita Daerah Istimewa Yogyakarta, nggelar seleksi Utsawa Darma Gita tataran DIY, dhateng Pura Jagatnata Yogyakarta dene ancasing kridha kasebat inggih kangge nggrengsengaken maos Kitab Suci Weda lan nambah wawasan Agama Hindhu tumrap Generasi Muda Hindu. Wonten ing pambagyanipun, Kepala Biro Administrasi Kesejahteraan Rakyat dan Kemasyaraktan Setda DIY, Puji Astuti,... {...}

Continue Reading →

Page 9 of 98