Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Priksa Dhateng RSUD, Warga Panampi Bpjs Mruput Antri

Priksa Dhateng RSUD, Warga Panampi Bpjs Mruput Antri

Purworejo, www.jogjatv.tv – Warga panampi BPJS ingkang badhe priksa dhateng RSUD Tjitro Wardoyo kedah antri dhateng loket BPJS mruput supados pikantuk nomer alit. Miturur warga saking Grabag, Tono merlokaken dhateng mruput kangge antri dhateng loket BPJS supados saged tumuli dipun priksa dening dokter dene Warga Sindurjan, Maulana Yusuf suka pamrayogi supados wonten pranatan ingkang gumathok kangge pendaftaran ing loket BPJS amrih warga mboten kedangon anggenipun antri supados tumuli pikantuk ladosan ingkang sae lan cepet.

Miturut biwara ing pintu, loket BPJS saestunipun bikak jam  07.00 WIB nanging warga milih antri wiwit enjing supados pikantuk ladosan sacepetipun. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.