Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasokan Winates, Regi Lombok Mindhak

Pasokan Winates, Regi Lombok Mindhak

Purworejo, www.jogjatv.tv – Regi sawetawis jinis lombok dhateng Peken Tradisional Purworejo, Jawa Tengah samangke mindhak awis. Sawetawis jinis lombok ingkang samangke reginipun mindhak awis inggih punika lombok abrit keriting, lombok rawit lan ugi lombok ijem. Salah satunggaling bakul lombok, Ratmi mratelakaken, samangke regi lombok abrit keriting lan lombok rawit antawis kawandasa ewu ngantos seket ewu rupiyah saben kilonipun. Mindhakipun regi ngantos samanten inggih awit samangke kathah petani lombok ingkang gagal panen satemah pasudiyan lan pasokan lombok saya winates.

Mindhakipun regi lombok punika njalari pisambatipun para konsumen, kadosta bakul mie ayam ingkang mbetahaken lombok kangge damel sambel. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.