Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mardi Wuto Tansah Ndayakaken Tunanetra

Mardi Wuto Tansah Ndayakaken Tunanetra

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Badan Sosial Mardi Wuto ingkang kebawah Yayasan dr. YAP Prawirohusodo tetep sumanggem ndayakaken para difabel mliginipun panandhang tunanetra. Ngantos samangke bebadan ing bidang sosial kasebat sampun ngentas para panandhang disabilitas satemah saged usaha mandhiri lan nglajengaken pasinaon ngantos pawiyatan luhur.

Dinten Selasa (25/10) siyang, mapan dhateng kantoripun ing Jalan Cikditiro Kota Yogyakarta, Mardi Wuto nampi dhatengipun tim pambiji seleksi Lembaga Kesejateraan Sosial Berprestasi tataran nasional taun 2016. Tim pambiji mirsani langsung kridhanipun para panandhang tunanetra, antawisipun olahraga catur lan ugi ngetik mawi mesin tik braile.

Ketua umum Yayasan dr YAP Prawirohusodo, GBPH Prabukusumo mratelakaken, badan sosial Mardi Wuto inggih wadhah kangge ndayakaken para panandhang tunanetra ingkang boten namung dipun gladhi wirausaha kemawon nanging ugi maneka kridha sanesipun kadosta dolanan musik punapadene ndhapuk paguyuban kethoprak. Kepara puluhan panandhang tunanetra saged nglajengaken pasinaonipun dhateng pawiyatan luhur, kanthi bantuwan wragad saking Badan Sosial Mardi Wuto.

Operasional Badan Mardi Wuto gumantung saking Yayasan dr YAP Prawirohusodo, kanthi bantuwan bebathen saking Rumah Sakit YAP. Saben taunipun bebadan sosial kasebat nampi bantuwan anggaran antawis kawanatus yuta ngantos gangsalatus yuta rupiyah. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.