Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Bausasaran Nggelar Pentas Seni

Warga Bausasaran Nggelar Pentas Seni

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta ngantos samangke taksih regeng. Malem Senen (23/10) Warga Kelurahan Bausasran, Kota Yogyakarta nggelar pentas  seni sesirah Gelar Pesta Rakyat.

Kridha pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta ingkang kaping 260 taun, dipun regengaken maneka kridha seni antawisipun macapat, pagelaran tari, hadroh, fragmen sarta pagelaran ringgit purwa dening dhalang cilik. Lampahing kridha dados punjer kawigatosan para pamirsa.

Miturut Ketua Panitia, Cipto Widodo, pentas seni ingkang dipun gelar inggih wujud pisumbangipun  Warga Kalurahan Bausasaran tumut mengeti ambal warsa Kota Yogyakarta amrih regenging swasana. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.