Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seleksi Utsawa Darma Gita Tingkat Diy Tahun 2016

Seleksi Utsawa Darma Gita Tingkat Diy Tahun 2016

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Lembaga Pengembangan Darma Gita Daerah Istimewa Yogyakarta, nggelar seleksi Utsawa Darma Gita tataran DIY, dhateng Pura Jagatnata Yogyakarta dene ancasing kridha kasebat inggih kangge nggrengsengaken maos Kitab Suci Weda lan nambah wawasan Agama Hindhu tumrap Generasi Muda Hindu.

Wonten ing pambagyanipun, Kepala Biro Administrasi Kesejahteraan Rakyat dan Kemasyaraktan Setda DIY, Puji Astuti, mratelakaken, seleksi Utsawa Darma Gita tataran DIY inggih satunggaling kridha ingkang wigati tumrap Umat Hindhu supados Umat Hindhu ing Ngayogyakarta langkung mangertos dhateng piwucal Agami Hindhu lumantar lomba maos Kitab Suci Weda. Seleksi Utsawa Darma Gita kaajab saged dados sarana tumrap Wiranem Hindu kangge sinau piwucal Agami Hindhu ingkang kebak filsafat, etika, lan upacara, kangge nggatra watak cundhuk kaliyan kawontenan lan kathahing perkawis samangke.

Ketua penyelenggara seleksi Utsawa Darma Gita tataran DIY, I Wayan Senen, mratelakaken, seleksi Utsawa Darma Gita samangke nyakup lomba sloka, lomba palawakya, lomba darma wacana Basa Indonesia, lomba darma wacana Basa Inggris, cerdas cermat, lomba lagu kreasi Agama Hindu sarta lomba kakawin dene ingkang sasab lomba badhe pinilih makili DIY majeng lomba Utsawa Darma Gita tataran nasional taun 2017 benjing. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.