Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pangeduming Winih Pantun Lelahanan

Pangeduming Winih Pantun Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan petani ing Desa Jungkare, Karanganom, Klaten, Jawa Tengah, lila dhesuk-dhesukan ing aula kantor desa kangge mendhet winih pantun lelahanan, bantuwan saking anggota Komisi VI DPR RI. Miturut para petani, bantuwan winih pantun saged ngentheng-enthengi sesanggan wragad ing mangsa tanem samangke.

Anggota Komisi VI DPR RI Endang Srikarti Handayani mratelakaken, sengaja suka bantuwan winih pantun lelahanan lan  ngadani pasar murah minangka wujud kawigatosan anggota dewan dhateng warga, mliginipun para petani supados saya greget olah tetanen amrih mindhakipun  produktivitas pantun. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.