Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Sendratari Ramayana Dhateng Bantaran Lepen

Pagelaran Sendratari Ramayana Dhateng Bantaran Lepen

Sleman, www.jogjatv.tv – Pagelaran Sendratari Ramayana padatan dipun gelar dhateng panggung kanthi latar candi nanging Komunitas Seniman Prambanan nggelar Sendratari Ramayana dhateng Bantaran Lepen Opak kanthi lampahan ingkang sami pramila katingal langkung  gesang.

Mboten namung dhateng panggung kemawon, dhateng sanjawining panggung kadosta dhateng bantaran lepen ugi saged kangge nggelar kridha pramila mboten wonten watesan salebeting gambaraken cariyos Ramayana. Penanggung jawab pentas, Ketua Lembaga Pengabdian Kepada Masayarakat ISI Yogykarta, ingkang ngampingi lampahing pagelaran sendratari, Nur Sahid mratelakaken, pagelaran sendratari kolosal dhateng papan tinarbuka, kanthi irah-irahan Koreografi Lingkungan Sendratari Ramayana punika dados garapan seni pertunjukan enggal lan kaajab dados daya tarik wisata tumrap wisatawan ingkang dhateng Ngayogyakarta.

Pagelaran Sendratari Ramayana punika pikantuk tanggapan gumathok saking masyarakat. Salah satunggalipun, Heni. Wisatawan saking Jakarta punika rumaos kasengsem dhateng pagelaran ingkang elok kasebat. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.