Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mangsa Tanem Majeng, Winih Pantun Winates

Mangsa Tanem Majeng, Winih Pantun Winates

Bantul, www.jogjatv.tv – Anomali cuaca ingkang njalari kathahipun jawah ing Kabupaten Bantul, njalari mangsa tanem pantun majeng.  Tundhanipun kabetahan winih pantun tikel, kamangka pasudiyanipun winates. Sinaosa makaten, Balai Benih Pertanian Barongan nanggel pasudiyan winih pantun ing mangsa tanem samangke cekap.

Kepala Unit Pelaksana Teknis , Balai Benih Pertanian (UPT BBP) Barongan , Budi Santosa mratelakaken, majengipun mangsa tanem ing mangsa rendheng samangke njalari welingan winih pantun tikel. 200 ton winih pantun ingkang dipun cawisaken kangge mangsa tanem sampun  pajeng 97 persen  lan samangke kantun sekedhik.  Supados winih mboten langka, pehakipun ngajab  kelompok tani ingkang dipun sukani lisensi minangka produsen winih tumuli nyawisaken winih. Kangge Bantul welingan winih pantun ing mangsa rendheng  900 ton. UPT BBP Barongan produksi 200 ton dene kelompok tani produksi 800 ton. Kanthi makaten, winih pantun ing Bantul dipun tanggel cekap

Ngantos samangke winih pantun asring langka. Bab wau awit  para petani racak nanem pantun  I-R 64, kamangka produksi BBP Barongan namung winates. Jinis I-R 64 mboten takad dhateng paneraking ama awit saking punika, petani dipun prayogekaken nanem pantun jinis Situ Bagendit , Ciherang punapa dene  Inpari. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.