Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Macapat Siswa Lan Guru

Lomba Macapat Siswa Lan Guru

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka kupiya kangge nepangaken lan memetri kagunan  seni budaya jawi, mliginipun seni macapat, Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul, dinten Senen (24/10) siyang nggelar lomba macapat kangge siswa lan guru. Wakil saking 17  kecamatan saKabupaten Bantul, tumut mupu lomba. Mbaka setunggal pamupu lomba macapat nedahaken kasagetanipun nyekar macapat dhateng sangajeng dewan juri. Sinaosa wonten ingkang kirang laras nanging para pamupu lomba katingal sengguh  mupu  lomba ingkang saweg sepisanan dipun gelar dening Dinas Pendidikan Dasar punika.

Miturut panitia lomba macapat, Sartono, ancasing lomba kangge nepangaken seni macapat tumrap  siswa sarta minangka kupiya kangge  memetri seni lan budaya tradisional. Kangge dinten Senen (24/10) lan Selasa (25/10),  dipun gelar lomba macapat tumrap siswa lan guru SD sarta SMP. Ing dinten Rebo (26/10) dipun gelar lomba sesorah kangge siswa SMP. Salebeting lomba samangke, saben Unit Pelaksana Teknis (UPT) PPD saben kecamatan ngintunaken 4 pasarta, inggih punika siswa lan guru SD sarta SMP. Tumrap pamupu ingkang sasab lomba, badhe nampi  tropi sarta arta pembinaan. ( Anang zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.