Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Karyawan Kemenag Dzikiran

Karyawan Kemenag Dzikiran

Sleman, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Santri Nasional taun 2016, karyawan Kantor Kementrian Agama (kemenag) Sleman, dinten Senen (24/10) enjing ,dzikiran sarta dedonga sesarengan.

Sadanguning setengah jam , karyawan Kantor Kemenag Kabupaten Sleman, ingkang ngrasuk Agama Islam dzikiran  dene karyawan pangrasuk agama sanes, dedonga  sesarengan dhateng papan ingkang sampun kapiji.  Miturut Kepala Kantor Kementrian Agama Kabupaten Sleman, Zaenal Abidin, dzikiran lan dedonga sesarengan, karyawan Kantor Kemenag Sleman ugi dados kalodhangan kangge  ngrumaketaken  karyawan lan pimpinan, ngiras  ngindakaken iman lan taqwa amrih tansah nengenaken kautaman, salebeting gesang padintenan.

Rantamanipun dzikiran lan dedonga sesarengan kados makaten,badhe dipun tindakaken saben dinten Senen enjing sasampunipun apel bersama sarta saben dinten Jemuwah sonten saderengipun wangsul minangka wujud pratelan raos syukur dhumateng Gusti ingkang hakarya jagat awit rancaging pakaryan sadangunipun  seminggu. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.