Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Wisata Alternatif Budaya Puropakualaman

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas Pariwisata DIY nggelar Atraksi Kesenian Keistimewaan ing pelataran Puropakualaman Ngayogyakarta. Ancasipun kangge ngleluri kesenian tradisional sarta kangge nepangaken wisata alternatif budaya Puropakulaman dhateng masyarakat. Maneka kagunan seni tradisional ingkang dipun gelar dhateng pelataran Puropakualaman antawisipun jathilan saking Kabupaten Kulonprogo. Kridha kasebat inggih minangka kupiya pemerintah daerah salebeting ngrembakakaken lan ngleluri... {...}

Continue Reading →

Pepalang Branding Lan Pemasaran Tumrap UMKM

Bantul, www.jogjatv.tv –  Sinaosa ngantos samangke Usaha Mikro Kecil Dan Menengah (UMKM) kawawas takat tumrap fluktuasi perekonomian global nanging boten sedaya UMKM saged ngrembakakaken daya kreatifitasipun. Winatesipun pawitan lan seserepan babagan pemasaran njalari kathah UMKM ingkang kukut. Perkawis kasebat kawedhar salebeting pepanggihan antawisipun UMKM kaliyan sawetawis Direksi BUMN ing pendhapi Gandung Pardiman Center, Imogiri, dinten... {...}

Continue Reading →

Panen Raya, Asilipun Maremaken

Sleman, www.jogjatv.tv – Samangke kadang tani ing Kecamatan Cangkringan, taksih wancinipun mangsa panen. Asil panenan taun punika ugi maremaken awit paneraking tikus saged dipun kendhaleni. Kelompok Tani Taruno Mulyo, Padhukuhan Panggung, Argomulyo, Cangkringan Sleman, nindakaken panen raya.   Kadang tani ing wewengkon kasebat rumaos lega, awit asil panen samangke maremaken. Sakawit, kadang tani kuwatos jalaran taneman... {...}

Continue Reading →

Pagelaran Seni Ogleg Massal

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinten Minggu (12/10) sonten, dhateng sapinggiring Lepen Progo wewengkon Dhusun Bulak, Desa Tuksono, Sentolo Kulonprogo dipun gelar Seni Ogleg Massal,. Kirang langkung sewu penari tumut ngregengaken pagelaran seni ogleg massal. Ogleg inggih kagunan seni ingkang mirip kaliyan jathilan, samidene ngangge piranti kuda kepang. Ingkang mbedakaken kuda kepang ogleg sirahipun langkung ndangak lan... {...}

Continue Reading →

Ketiga Panjang, Warga Nanjakaken Toya Butheg

Sragen, www.jogjatv.tv –  Tlatah ingkang kekirangan toya ing kabupaten sragen. Jawa tengah tansaya wiyar. Warga ing Kecamatan Tangen kepeksa ngedug dasar lepen ingkang asat kangge nyekapi kabetahan toya. Salah satunggaling Warga Kampung Grabak, Desa Katelan, Kecamatan Tangen, Kabupaten Sragen Jawa Tengah, Tugino. ngedug dasar lepen ngantos lebetipun setengah meter supados ngetug. Sinaosa butheg Toya ingkang... {...}

Continue Reading →

Dungkap Wulan Sura, Bakul Sekar Kelarisan

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv –  Dungkap gumantosing warsa enggal, 1 Sura 1949 Jimawal, para bakul   sekar kangge ngintun kelarisan. Bakul sekar ing Lantai 3, Peken Beringharjo samangke kelarisan awit dungkap malem 1 sura kathah bakul tiban ingkang kilakan kangge sadeyan dhateng margi-margi mathis tlatah Ngayogyakarta. Salah satunggaling bakul sekar, Tatiksampun welasan taun sadeyan sekar kangge ngintun.... {...}

Continue Reading →

Pawai Budaya Ambal Warsa 259 Kota Jogja

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pucak pengetan ambal warsa 259 taun Kota Yogyakarta, dipun gelar pawai budaya dinten Rebo (7/10). Sabotenipun wonten 4.000 warga saking maneka komunitas ingkang tumut ngregengaken pawai budaya. Pawai dipun sengkuyung dening 45 kalurahan sak Kota Yogyakarta, 6 komunitas masyarakat sarta utusan Sister City kadosta Surabaya, Sawahlunto lan Banjarmasin. Pawai budaya sesirah Pesta... {...}

Continue Reading →

Oleh -Oleh Haji

Boyolali, www.jogjatv.tv – Sakonduripun nindakaken ibadah haji, padatan para jamaah haji nyawisaken maneka oleh – oleh kangge dipun dumaken dhateng tangga tepalih lan sanak sadherek. Menawi rumiyin kathah jamaah haji ingkang blanja oleh- oleh dhateng tanah suci, samangke racak jamaah haji blanja oleh- oleh haji dhateng Indonesia, sakonduripun saking nindakaken ibadah haji. Sasampunipun para jemaah... {...}

Continue Reading →

Kepyakan TMMD Sengkuyung Tahap II

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – TNI Manunggal Membangun Desa , tahap II taun 2015 Kota Yogyakarta dipun gelar. Lampahing TMDD dipun kepyakaken dening Komandan Kodim nol tujuhtiga empat Yogyakarta, Letkol Inf HM Gurning ing lapangan Karang Kotagede, dinten kemis (8/10) enjing.Upacara dipun rawuhi dening Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti sarta pimpinan Forkompinda Kota Yogyakarta. Kepyakan TMMD dipun tandhani... {...}

Continue Reading →

Dungkap Sura Regi Menda Mindhak Awis

Purworejo, www.jogjatv.tv –Dinten kemis (8/10) enjing, suwasana peken rajakaya Purworejo, Jawa Tengah beda kaliyan padatanipun. Peken rajakaya katingal sepen lan namung sawetawis blantik kemawon ingkang dhateng peken mbekta daganganipun. Sinaosa makaten, samangke regi menda kepara malah mindhak, langkung awis tinimbang nalika Idul Adha kapengker, inggih tumrap menda jawa randhu lan ugi gembel. Miturut blantik menda... {...}

Continue Reading →

Page 92 of 98