Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Oleh -Oleh Haji

Oleh -Oleh Haji

Boyolali, www.jogjatv.tv – Sakonduripun nindakaken ibadah haji, padatan para jamaah haji nyawisaken maneka oleh – oleh kangge dipun dumaken dhateng tangga tepalih lan sanak sadherek. Menawi rumiyin kathah jamaah haji ingkang blanja oleh- oleh dhateng tanah suci, samangke racak jamaah haji blanja oleh- oleh haji dhateng Indonesia, sakonduripun saking nindakaken ibadah haji.

Sasampunipun para jemaah haji dumugi embarkasi Donohudan, saged milih lan blanja maneka oleh -oleh haji,awit ing embarkasi sampun kathah kios dadakan ingkang nyawisaken maneka oleh- oleh haji ingkang dipun dhatengaken langsung saking Arab. Sinaosa reginipun langkung awis tinimbang blanja dhateng Arab nanging para jemaah haji langkung milih blanja sakonduripun saking tanah suci.

Para jemaah kathah ingkang blanja maneka rerenggan lan tetedhan mirunggan timur Tengah kangge oleh-oleh lan pasugatan tumrap para sanak kadang lan tangga tepalih ingkang sanja. Maneka oleh -oleh haji cumawis jangkep, antawisipun toya zam-zam, kacang arab , jagung arab, kurma , tasbeh, jilbab lan rerenggan cara Timur Tengah sanesipun.

Regi oleh oleh- haji kasebat antawis welasan ewu ngantos yutan rupiyah. Kadosta babut kangge rerenggan tembok reginipun ngantos Rp18 yuta dene tesbeh lan jilbab antawis gangsal Rp 5.000,00. Kios- kios dadakan ing wewengkon embarkasi Donohudan badhe bikak ngantos konduripun jemaah haji kloter pungkasan.

(Heru Kristiyanto)

Share this with friends

Comments are closed.