Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan TMMD Sengkuyung Tahap II

Kepyakan TMMD Sengkuyung Tahap II

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – TNI Manunggal Membangun Desa , tahap II taun 2015 Kota Yogyakarta dipun gelar. Lampahing TMDD dipun kepyakaken dening Komandan Kodim nol tujuhtiga empat Yogyakarta, Letkol Inf HM Gurning ing lapangan Karang Kotagede, dinten kemis (8/10) enjing.Upacara dipun rawuhi dening Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti sarta pimpinan Forkompinda Kota Yogyakarta. Kepyakan TMMD dipun tandhani kanthi masrahaken alat kerja. Kridha tmmd dipun tengenaken kangge biyantu masyarakat, antawisipun mbangun talud lan bronjong lepen Gajah Wong ingkang panjangipun 58 m, ndandosi griya 5 unit, ndandosi balai RW lan MCK, dene kridha non fisik ingkang badhe dipun tindakaken inggih Sosialisasi Kamtibmas Pekat Dan Pencegahan Narkoba. Redana anggaran samangke gunggungipun Rp 299 yuta saking APBD Propinsi DIY Rp 75 yuta lan APBD Kota Yogyakarta Rp 224 yuta. TMMD badhe dipun tindakaken sadanguning 20 dinten, wiwit tanggal 8 – 28 Oktober 2015.

Miturut Walikota yogyakarta, Haryadi Suyuti TMMD inggih wujud nyata manunggalipun TNI kaliyan masyarakat. Pambangunan talud lepen ing tlatah Ngayogyakarta wigati kangge njagi kawilujengan warga sarta njagi resiking lepen. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.