Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap Sura Regi Menda Mindhak Awis

Dungkap Sura Regi Menda Mindhak Awis

Purworejo, www.jogjatv.tv –Dinten kemis (8/10) enjing, suwasana peken rajakaya Purworejo, Jawa Tengah beda kaliyan padatanipun. Peken rajakaya katingal sepen lan namung sawetawis blantik kemawon ingkang dhateng peken mbekta daganganipun. Sinaosa makaten, samangke regi menda kepara malah mindhak, langkung awis tinimbang nalika Idul Adha kapengker, inggih tumrap menda jawa randhu lan ugi gembel. Miturut blantik menda Amat lan Budi, samangke regi menda mindhak Rp.200.00,00 ngantos Rp.300.000,00. Bab waujalaran ndungkap wulan Sura samangke kathah warga ingkang mbetahaken menda kangge lampah upacara adat kamangka pasudiyan menda winates.

Awit winatesipun dagangan pramila nalika wonten peternak ingkang mbekta menda daganganipun, para blantik tumuli rebatan dagangan. Miturut petangan kawontenan kados makaten badhe lumampah ngantos wulan sura benjing.

(Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.