Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pawai Budaya Ambal Warsa 259 Kota Jogja

Pawai Budaya Ambal Warsa 259 Kota Jogja

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pucak pengetan ambal warsa 259 taun Kota Yogyakarta, dipun gelar pawai budaya dinten Rebo (7/10). Sabotenipun wonten 4.000 warga saking maneka komunitas ingkang tumut ngregengaken pawai budaya.

Pawai dipun sengkuyung dening 45 kalurahan sak Kota Yogyakarta, 6 komunitas masyarakat sarta utusan Sister City kadosta Surabaya, Sawahlunto lan Banjarmasin.

Pawai budaya sesirah Pesta Rakyat kasebat kawiwitan saking Jalan Jenderal Sudirman langkung jalan Margo Utomo lan dipun pungkasi dhateng Jalan Kleringan. Boten namung nggelar maneka kridha seni ingkang mranani kemawon, salebeting pawai ugi dipun dumaken jeram watawis sak ton dhateng para pamirsa dhateng sakiwa tengen margi.

Ewonan pamirsa kasemsem nalika puluhan pasarta kirab ingkang ngangge busana kados jaman perang kamardikan kapengker nggelar atraksi paperangan.

Kirab budaya minangka pucak pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta dipun kepyakaken dening Gubernur DIY Sri Sultan Hamengkubuwono X, sesarengan kaliyan Walikota Yogyakarta—Haryadi Suyuti kanthi nyeblakaken pecut minangka lambang greget.

Sri Sultan ngajab, ing yuswanipun samangke, Kota Yogyakarta saged ngangkat karaharjan tumrap warganipun sarta tetep ngreksa warisan adat tilaran leluhur.

Kejawi elok lan endah, sawetawis pamirsa mawas bilih pawai budaya kasebat inggih salah satunggal wujud memetri kabudayan ing madyaning jaman globalisasi samangke. (Fauzan Ahmad)

 

Share this with friends

Comments are closed.