Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panen Raya, Asilipun Maremaken

Panen Raya, Asilipun Maremaken

Sleman, www.jogjatv.tv – Samangke kadang tani ing Kecamatan Cangkringan, taksih wancinipun mangsa panen. Asil panenan taun punika ugi maremaken awit paneraking tikus saged dipun kendhaleni.

Kelompok Tani Taruno Mulyo, Padhukuhan Panggung, Argomulyo, Cangkringan Sleman, nindakaken panen raya.   Kadang tani ing wewengkon kasebat rumaos lega, awit asil panen samangke maremaken. Sakawit, kadang tani kuwatos jalaran taneman pantun katerak tikus nanging kanthi cara dipun basangi, paneraking tikus saged mendha.

Ing mangsa panen samangke, 78 hektar sawah samekta dipun panen. Saben hektar ngasilaken 8,7 ton gabah kering giling, mindhak 3 ton tinimbang taun kapengker, ingkang asilipun 5,6 ton saben hektar. Takeran rabuk ingkang trep ugi ndayani mindhakipun asil panenan. Komposisi pemupukan berimbang rabuk Urea 250 kg, NPK 250 kg lan 2 ton organik , kangge ngrabuk laladan ingkang wiyaripun sahektar.

(Heri Susanto)

Share this with friends

Comments are closed.