Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Seni Ogleg Massal

Pagelaran Seni Ogleg Massal

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinten Minggu (12/10) sonten, dhateng sapinggiring Lepen Progo wewengkon Dhusun Bulak, Desa Tuksono, Sentolo Kulonprogo dipun gelar Seni Ogleg Massal,.

Kirang langkung sewu penari tumut ngregengaken pagelaran seni ogleg massal. Ogleg inggih kagunan seni ingkang mirip kaliyan jathilan, samidene ngangge piranti kuda kepang. Ingkang mbedakaken kuda kepang ogleg sirahipun langkung ndangak lan jogedanipun kadosdene pencak silat dene cariyos ingkang kababar inggih lampahan paperanganipun Arya Penangsang mengsah Sutawijaya, ingkang tundhanipun Arya Penangsang gugur.

Miturut pengagas tari oglek missal, Joko Mursito, sengaja nggelar ogleg kolosal kangge ngangkat malih seni tradisional Kulonprogo supados saged langkung kuncara wondene miturut pangripta tari ogleg, Noto sunaryo, seni ogleg ingkang paring nama inggih masyarakat lan sakawit mujudaken seni barangan ing taun 1957.

Dados penari oglek mbetahaken gladhen supados pementasan saged lumampah rancag.

(Muhammad Sugeng)

Share this with friends

Comments are closed.