Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ketiga Panjang, Warga Nanjakaken Toya Butheg

Ketiga Panjang, Warga Nanjakaken Toya Butheg

Sragen, www.jogjatv.tv –  Tlatah ingkang kekirangan toya ing kabupaten sragen. Jawa tengah tansaya wiyar. Warga ing Kecamatan Tangen kepeksa ngedug dasar lepen ingkang asat kangge nyekapi kabetahan toya.

Salah satunggaling Warga Kampung Grabak, Desa Katelan, Kecamatan Tangen, Kabupaten Sragen Jawa Tengah, Tugino. ngedug dasar lepen ngantos lebetipun setengah meter supados ngetug. Sinaosa butheg Toya ingkang medal kepeksa dipun tanjakaken kangge adus, nggirahi lan masak. Toya belik kasebat dipun tanjakaken dening 40 Kepala Keluarga ing kampung kasebat.

Mangsa ketiga panjang samangke saking 20 kecamatan, ing Kabupaten Sragen 7 ing antawisipun kekirangan toya. Dene ingkang kawontenanipun mrihatosaken sanget. Inggih Kecamatan Tangen. Mangsa ketiga sadanguning 7 wulan pungkasan njalari taneman gadhahan kadang tani garing sarta njalari warga kangelan pados toya resik. Awit saking punika warga ngajab pemerintah suka bantuwan toya resik utawi damelaken sumur dalam supados warga boten kangelan nyekapi kabetahan toya resik.

(Heru Kristianto)

Share this with friends

Comments are closed.