Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap Wulan Sura, Bakul Sekar Kelarisan

Dungkap Wulan Sura, Bakul Sekar Kelarisan

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv –  Dungkap gumantosing warsa enggal, 1 Sura 1949 Jimawal, para bakul   sekar kangge ngintun kelarisan.

Bakul sekar ing Lantai 3, Peken Beringharjo samangke kelarisan awit dungkap malem 1 sura kathah bakul tiban ingkang kilakan kangge sadeyan dhateng margi-margi mathis tlatah Ngayogyakarta. Salah satunggaling bakul sekar, Tatiksampun welasan taun sadeyan sekar kangge ngintun. Miturut Tatik saben dungkap malem 1 sura, panyadening sekar langkung laris tinimbang dinten padatan.

Sekar ingkang dipun sade inggih punika mawar, kantil, melati lan kenanga. Sekar kasebat dipun pasok saking tlatah Boyolali lan sakiwa tengenipun.

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.