Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pepalang Branding Lan Pemasaran Tumrap UMKM

Pepalang Branding Lan Pemasaran Tumrap UMKM

Bantul, www.jogjatv.tv –  Sinaosa ngantos samangke Usaha Mikro Kecil Dan Menengah (UMKM) kawawas takat tumrap fluktuasi perekonomian global nanging boten sedaya UMKM saged ngrembakakaken daya kreatifitasipun. Winatesipun pawitan lan seserepan babagan pemasaran njalari kathah UMKM ingkang kukut.

Perkawis kasebat kawedhar salebeting pepanggihan antawisipun UMKM kaliyan sawetawis Direksi BUMN ing pendhapi Gandung Pardiman Center, Imogiri, dinten Minggu (12/10) sonten kalawingi. 300 pelaku UMKM saking saindenging DIY binaan Soksi dipun klempakaken salebeting pepanggihan kaliyan para Direksi BUMN kawentar, kadosta perbankan, asuransi kredit lan pertambangan. Kejawi ngrembag bab tata cara ngrembakakaken UMKM ugi dipun wontenaken seleksi UMKM supados saged dados mitra binaan BUMN .

Miturut Salah satunggaling Dirut BUMN, Ahmad Baiquni , pemerintah lumantar Bank BUMN sampun maringaken Kredit Usaha Rakyat kangge UMKM, kanthi bunga sangat rendah. Kupiya kasebat prayoginipun ugi sinartan pelatihan pengembangan UMKM, satemah para pelaku UMKM boten kabesturon dhateng sambutan ingkang dipun tampi. Kejawi mutuning produk, pemasaran lan branding inggih perangan wigati saking UMKM. Ngantos samangke racakipun pemasaran UMKM kanthi cara konvensional, satemah angel ngrembaka. Para pelaku UMKM ugi dereng gadhah panganggep bilih branding minangka salah satunggaling cara ingkang trep kangge ngrembakakaken usaha. Awit saking punika cara -cara konvensional kasebat kedah dipun ewahi supados UMKM tetep saged lumampah.

(Anang Zainudin)

Share this with friends

Comments are closed.