Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisata Alternatif Budaya Puropakualaman

Wisata Alternatif Budaya Puropakualaman

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas Pariwisata DIY nggelar Atraksi Kesenian Keistimewaan ing pelataran Puropakualaman Ngayogyakarta. Ancasipun kangge ngleluri kesenian tradisional sarta kangge nepangaken wisata alternatif budaya Puropakulaman dhateng masyarakat.

Maneka kagunan seni tradisional ingkang dipun gelar dhateng pelataran Puropakualaman antawisipun jathilan saking Kabupaten Kulonprogo. Kridha kasebat inggih minangka kupiya pemerintah daerah salebeting ngrembakakaken lan ngleluri seni tradisional sarta kangge grengsengaken ekonomi mikro tumrap masyarakat.

Sawetawis warga mratelakaken remen saged ningali pentas   kesenian tradisional ingkang samangke awis-awis dipun gelar. Pangajabipun kesenian tradisional tetep lestari lan kuncara ing madyaning masyarakat.

(Fauzan Ahmad)

 

Share this with friends

Comments are closed.