Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Pengetan Hari TNI Regeng

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Pengetan Hari TNI kaping pitungdasa taun, ing Kabupaten Gunungkidul, lumampah regeng. Maneka atraksi beladiri sarta pameran alutsista, dipun gelar dening Kodim nol tujuh-tiga nol Gunungkidul kangge suka panglipur dhateng masyarakat. Salebeting pucak pengetan ambal warsa kaping 70 , Tentara Nasional Indonesia, Kodim 0730 Gunungkidul nggelar maneka kridha dhateng Alun – Alun Gunungkidul. Kajawi nindakaken... {...}

Continue Reading →

Musik Humor Kelompok Swara Ratan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Sasampunipun sawetawis wekdal kendel, kelompok musik saking Ngayogyakarta, Kelompok Swara Ratan (KSR) nggebrak panggung musik humor Ngayogyakarta. Kelompok ingkang madeg rikala taun wolungdasanan kasebat, nggarap musik humor kangge nanggapi kawontenan masyarakat samangke lumantar kritik sosial aktual. Kelompok Swara Ratan nggelar konser musik sesirah “Ngisin-Isin Balung Pisah” dhateng Taman Budaya Yogyakarta, Senin (5/6)... {...}

Continue Reading →

Juru Warta Lan BKK Suka Bantuwan Toya Resik

Sragen, www.jogjatv.tv – Komunitas Wartawan Sragen sarta BKK Karangmalang, Sragen, Jawa Tengah, suka bantuwan toya resik dhateng warga Kecamatan Tangen, Jenar, Gesi lan Mondokan, ingkang ing mangsa ketiga samangke kekirangan toya resik dene droping toya kapantha dados sekawan rambahan awit warga ing 4 kecamatan kasebat, sampun 4 wulan kangelan pados toya resik. Kangge nyekapi kabetahan... {...}

Continue Reading →

Upacara Pengetan Hari TNI

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Korem 072 Pamungkas, nggelar upacara pengetan Hari TNI kaping 70, dhateng lapangan Pengasih, Kulonprogo . salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar Drama kolosal pertempuran Panglima Jendral Sudirman ngrebat Ngayogyakarta saking penjajah. Kapilihipun Kulonprogo kangge nggelar pucak pengetan Hari TNI, awit Kulonprogo ngemot sejarah perjuwangan nalika ngrebat Ngayogyakarta saking penjajah. Isnpektur upacara Pengetan Hari... {...}

Continue Reading →

Merti Embung Tirto Agung

Sleman , www.jogjatv.tv – Warga Padukuhan Barepan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman, nggelar upacara adat Merti Embung Tirto Agung, dinten Setu (3/10) sonten. Lampahing upacara dipun regengaken kirab budaya lan pagelaran ringgit purwa sedalu natas. Kirab bidhal saking pelataran Baledesa Margoagung, tumuju Embung Tirto Agung. Kirab dipun pucuki bregada prajurit sarta sawetawis kenya ingkang bekta... {...}

Continue Reading →

Kirab Pedagang Pasar Tradisional

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ngangkat malih kuncaraning peken tradisional sarta kangge mahargya pengetan ambal warsa kaping 259 taun Kota Yogyakarta, Dinas Pengelolaan Pasar Kota Yogyakarta nggelar Kirab Pedagang Pasar Tradisional, dinten Minggu (5/10) sonten. Kirab dipun sengkuyung ewonan kadang bakul saking sawetawis peken tradisional tlatah Ngayogyakarta. Kirab bidhal saking Peken Beringharjo, langkung Jalan Margo Mulyo,... {...}

Continue Reading →

Cempe Tracak Kalih

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Padukuhan Mlandang , Desa Manjungan , Kecamatan Ngawen Klaten Jawa Tengah, horeg awit wonten cempe tracak kalih. Cempe tracak kalih kasebat, gadhahan Tatik Suhartatik, ingkang lair dinten Minggu (4/10) kalawingi. Wiwit dinten Senen (5/10)enjing ngantos isyang griyanipun Tatik, dipun dhatengi warga ingkang kepingin nagyinaken cempenipun. Sepisanan ingkang mangertosi menawi cempe kasebat... {...}

Continue Reading →

Beladiri Tarung Derajat

Sleman, www.jogjatv.tv – Wiwit madeg taun 1968, olahraga beladiri tarung derajat tansaya ngrembaka. Miturut penggagasipun, Ahmad Drajat, kepengurusan cabang olahraga sampun kadhapuk dhateng sedaya provinsi ing Indonesia , kepara sampun kaping 4 dipun gelar tetandhingan tataran nasional lan Asia. Para atlet beladiri tarung derajat ingkang tetandhingan salebeting Porda kaping 13 DIY taun 2015 ing Kabupaten... {...}

Continue Reading →

Regi Lombok Anjlog

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Panen raya inggih wekdal ingkang ngremenaken menggahing sanak kadang tani. Kosok wagsulipun ingkang dipun raosaken dening para lombok, ing Bulak Giripeni , Kecamatan Wates, Kulonprogo, ingkang samangke pisambat. Kawontenan kasebat, jalaran 4 dinten pungkasan regi lombok abrit kriting mandhap. Sakawit reginipun Rp 10.000,00, samangke mandhap dados Rp 5.000,00 saben kilonipun. Petani boten... {...}

Continue Reading →

Pemkab Klaten Nedheng Ndandosi RTLH

Klaten, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kabupaten Klaten, nedheng ndandosi Rumah Tak Layak Huni , dhateng saindhenging wewengkon. Dipun panggihi ing sak sela-selaning masrahaken bantuan rehab Rumah Tak Layak Huni         ( RTLH) ing Dhusun Klampisan, Desa Kalangan , Kecamatan Pedan, Klaten, Jawa Tengah. Miturut Bupati Klaten Sunarno pemkab klaten kupiya ngestas warga ingkang griyanipun dereng murwat, lumantar... {...}

Continue Reading →

Page 94 of 98